Tampilkan postingan dengan label Cerita Rakyat. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerita Rakyat. Tampilkan semua postingan

SEJARAH DESA ONJE


SEJARAH DESA ONJE
Ingkang mertapa ing onje naminipun Kyai Tepus rumput ,sampunipun mertapa ladjeng suwita dating kanjeng sultan padjang mboten antawis lami wonten sawuh Undang undang sopo sopo lare bochah ingsun ingkang saged anjuput ali ali ningsun sotja aludiro wasiat sameniki kalebet ing sumur jumbleng ingkang pundi sami mboten wonten ingkang saged mundhut.

Amung Kyai Tepus Rumput ingkang saged amundhut ladjeng dipun pekani dinamelan sumur ing sandhingaipun nutun kepanggih kagungan dalem supe.Ladjeng kapundhut kalih kandjeng sultan pajang.

Dhawuhipun kanjeng sultan ingsun ora wani sopo sopo kang manemo lkaken maniro paring bojo ingsun bocah desa asal menorah adipati Rawatono ananging iku wis oleh kaparatingal sultan.

Iki poma poma aja kowe tinumpang inggil sakalangkung saking panuwun kula lan siro maniro paring bumi karya 200 Mardika lan siro maniro sinengkakaken luhur sinebut kyai ageng are-are.

Tumuntun ladjung mantuk dating dusun ing Onje sareng dugi ing mongso lahir ingkang putrao mios kakung.Ladjeng ngundjuki uninga dhateng kandjeng sultan padjang.
Nuntun ngendikaken kanjeng sultan iyo siro reksanen bocah iki ji betjik mbesut menawa wis kelar angembat watang iku gawanen mlebu sareng sampun dugi ing mongso nuntun katcaosaken malebet.
Pangendikane kandjeng sultan ingsun derma bae jo siro kang duweni anak iku , jadi wewinih ono ing desa.Lan maneh paringi bumi karyo wolungatus tyanga lawe.Sarta katundan upacaraning bupati lan kapiringan nama kyai upati anyokropati ing onje.
Lan manggene sentana kami sopuh pitung somah jadiyo emban-embane anina bumi onje ana dene retune pandamaran timbang , purbasari satus bobotsari kertanegara , satus kadipaten , kantawidjajan satus bodas mertasanan ,mertam enggalan satus toyareka satus kawandoso selinga kalikandjar pitung jasa.Onje kaliatus lan sasurude kandjeng tengahan mboten nyanggi dawuh kawula.

Sultan padjang katampen dating kyai ageng mertawis sasurude kyai ageng mertawis katempen dhateng pangeran sajidiah kemuning minten ketampen dateng pangeran sajidiah krapjak nemten ketampen dhateng kanjeng sultan kuwasa agung pandomosan guguring pandomasan .Onje manthuk dhateng kotan kalihatus malih kang djumeneng patih kyai wiraduga ingkang ibu kyai wiraguna asal saking onje minten dipun prutah tiyang domasan dhateng kyai wiraguna katampen dhateng pangeran sukawati lan sasurude.Sultan katempen dating kawula ungahan.Kapundhut damel kawula saleksa atur ing kawula saleksa atur ing kawula saleksa lan pamenipun kyai temanggung pangsengangan kalih temenggung yudo bangsan lan penglokonoi bumi tengahan lan dijajah.Onje kasongko wonten kawula tigang lawe den tjajah kepanggih kawan atus kali meter jalah tiyang purbasari kinaryo mbantu dhateng kawula iyo lumayan.

Lan sasurude kandjeng sultan sumareh ing tegal wangi katampen dhateng kang putra kang djumeneng sultan mangkurat bumi onje .Nunten ketampen dhateng putra kang djumeneng sultan mas sedoning selong ingkang madegnoto kandjeng sultan pakubowono ingkang menika silep kabupaten ing onje ingkang gumantos kyai ngabei denok ing pamerden kersanipun kyai ngabei denok ki pangelu onje kapatjak perdikan kaparingan dhusun tiyang grumbul.Tuan wisa pesawahan onje kapitados angreksa pepundsen sarto kinen angadegaken njumening keparingan name ngabdulah onje.

Nemten seda kyai ngabei denok katampen dhateng putra kyai ngabei gabung nuntun kyai ngabei kondur nuntun katampen kyai toya mas nuntun kyai ngabei kondur wonten katampen dhateng kyai ngabei.Dipajuda kang saking pagendalan wondenten perdikan onje inggih kalulusaken mardikanipun nanging dipun elong ingkang kalih grumbul tuan wisa,pasawahan ingkang merdika.Kantun onje kemawon lan dipun elong malih kantun onjesn pekaoman kemawon.Tahun sadoso dipun bedah dados sabin elong sewu ingkang punika inggih taksih merdika.




INDRAKILA


INDRAKILA

Indrakila yaiku sawijining pegunungan cilik sing ana ing desa Lamuk,kecamatan Kaligondang. Pegunungan cilik iku nganti saiki esih ana. Sanajan saiki mung kari gumpalan cilik.Ananging kaya dene wit wringin,kemuning,jati,lan tanduran perdu liane tetep ngindahake pegunungan cilik iki. Ngenani wit-witan sing gedhe-gedhe saiki akeh sing wis rubuh sebab dene wis tua. Nganti saiki esih akeh wong sing sejo teka kanggo ngrasaake kaendahan suasana pegunungan cilik iku lan ana sing sejo njaluk pituduh.

Ana ing sikile pegunungan cilik nemoni sumur “Si Krikil”. Ndisit banyu sumur iki bisa kanggo ngobati kabeh penyakit. Ananging saiki kayane wis tambar, mongko mung kanggo adus biasa. Sanajan mangsa terang suwe, banyu sumur iki ora bakal asat.

Cedake sumur iku nemoni sumur “Si Gala-Gala”. Jarene sumur iki nate kanggo adus sawijining celeng (babi alas) sing mujudaken malikan saka Mamangdana. Sapa wonge sing adus ning sumur kono,jarene arep cepet sugih. Ora adoh soko panggonan iku ketemu maneh “Watu Polang” (watu sing rupane ireng putih,ireng putih kaya ula welang).

Ana ing zaman keratin Manik Imantaka, Rajane jenenge Prabu Nirwatakaca. Deweke lagi pitakonan karo Mamangmurka lan Mamangdana. Deweke lagi nyritakna babagan impen wektu mbengi. Ana ing impen iku, warga masyarakat Manik Imantaka sing lagi kena penyakit pageblug bisa mari, umpama Prabu Nirwatakaca mbojo karo Dewi Suprobo. Lara pageblug yaiku umpamane wong kuwi kena wektu esuk sore mati, umpamane kena wektu sore esuk mati. Sateruse Nirwatakaca mrentahake marang patih Mamangmurka lam Mamangdana karo dibarengi abdi yaiku Togog. Mamangmurka supaya lunga maring kahyangan kanggo nenuwun Dewi Suprobo. Mamangdana supaya mateni Begawan Ciptaning sing mujudaken reretu (sing ngalangi) marang Nirwatakaca.

Wong iku kabeh lunga sawise olih nggayaih prentah dhewek-dhewek. Mamangdana ganti rupa dadi sawijining celeng (babi alas) lan terus ngrusak panggonan nenuwun Begawan Ciptaning. Mongko panggonan iku brantakan sebab dene diorak arik neng celeng.

Patih Mamangmurka lunga maring kahyangan kanggo nyuwun Dewi Suprobo arep didadeake garwane Nirwatakaca. Liane iku supaya wargane ora dipasrahake, mongko kedadean sesatron. Sajroning sesatron iki banget mbahayani, sebab dene antara dewa karo Reksasa (buta). Deweke kabeh pada ngandelake kadegdayane, mung wae dewa kalah. Deweke dadi bingung lan wedi.

Sawise kedadean iku, kahyangan dadi rame lan dibarengi rasa wedi. Batara guru lan Narada ngrembug kepriwe carane kanggo ngrampungi kasekten Mamangmurka. Batara Guru mrentahake marang para dewa ngeroyok Mamangmurka, mung dewa kalah maning. Mongko Narada njanjeaken arep ngewehna Dewi Suprobo marang Mamangmurka ananging ora saiki, Nanging supaya ngenteni sewulan maning.

Keraton Pandawa bingung, sebab Raden Janaka/Raden Arjuna wis patang ungsum ninggalake keraton urung balik lan ora ana kabar critane. Teka Batara Surya dene Prabu Kresna lan Werkudara supaya lunga marang kahyangan.Deweke kabeh supaya mateni Mamangmurka lan nyingkirake saka kahyangan. Ngemuti kabeh dewa uwis ora mampu ngadepi kadegdayane.

Ana ing Indrakila Begawan Ciptaning dibatiri neng Punakawan yaiku Semar,Gareng,Petruk,lan Carub (Bagong). Ora suwe maneh, teka Batara Brama lan Narada. Deweke kabeh teka kanggo ngridu Begawan Ciptaning supaya deweke wungu saka petapane. Ananging deweke ora nduwe hasil nangekna. Mongko diprentahake akehe patang puluh widadari kanggo ngridu.

Sawise tekane patang puluh widadari , papate punakawan ganti wujud. Semar dadi kodok,Gareng dadi precil,Petruk dadi cebong,lan Carub (Bagong) dadi tetung. Para widadari sawise teka ana ing petapan ngrasa seneng banget. Deweke kabeh weruh ana ing sekitare nemoni banyu, mongko deweke kabeh terus adus bareng ora anggon-anggon. Sabanjure sawise deweke kabeh teka ing kahyangan, para widadari ndarbeni kabeh. Ing nduwure kedadean iki para dewa dadi bingung. Narada banjur ngabarake bab iki marang Batara Guru.

Ora teduga ana sawijining celeng ngrusak petapan. Batara guru sing wis ngerti celeng kuwi, mongko deweke mbalik wujud dadi Sukma Katon lan rekayasa lagi nguber celeng. Begawan ciptaning sebab dene ngrasa keganggu anggone petapan semedine dirusak,mongko terus mburoni celeng kasebut. Ana ing wektu pada antarane sukma Katon karo Begawan Ciptaning nglepasaken anak panak, nyatane pas karo sing dikarepake. Celeng iku langsung mati gudrah getih. Antarane Sukma Katon karo Begawan Ciptaning pada dene rebutan sing mateni celeng. Deweke kabeh ora ana sing gelem ngalah, mongko ndadeake sesatron. Kanggo ngrampungi sesatron, Begawan Ciptaning nglepasake anak panah. Kasunyatane pas karo sing dikarepake. Sabanjure Sukma Katon ganti rupa dadi Batara Guru. Sawise iku Begawan Ciptaning dijak maring kahyangan.

Satekane ing kahyangan Begawan Ciptaning supaya mateni Mamangmurka lan terus dipateni. Togog belasungkawa sebab dene Mamangdana lan Mamangmurka uwis mati.

Sawise olih kabar dene, Mamangdana lan Mamangmurka uwis mati kabeh, mongko Prabu Nirwatakaca banget jengkel lan arep balas dendam. Akhire Nirwatakaca karo jimat Keong putih sing dadi piandele nantang Begawan Ciptaning. Ananging Nirwatakaca mati dipateni deneng Begawan Ciptaning.

Begawan Ciptaning sebenere Raden Janaka\Raden Mandiki\Raden Arjuna. Sabanjure Batara Guru ngawei buslit utawa serat kanggo ngregani dadi lanang jagat (pria lanang sing perkasa lan paling apik sedunia).



Asal Usul Dusun Kalikajar Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga


Asal Usul Dusun Kalikajar
Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga

Teng salah sawijining wekdal, wonten tiyang saking Purwareja, ingkang gadaih asma Ki Ageng Mertandaka. Ki Ageng Mertandaka punika seneng mangembara, ansale mangembara mboten piyambekan. Ing wekdal punika Ki Angeng Mertandaka kaliyan rombongane badhe mangembara, nanging dereng ngertos tujuane. Ing salah sawijining ndalu Ki Ageng Mertandaka angsal wangsit saking ngimpi. Wangsitipun inggih punika, Ki Ageng Mertandaka kaliyan rombongan supados mangembara dateng arah ngilen teng alas.
Sesampunipun nampi wangsit, Ki Ageng Mertandaka kaliyan rombongan langsung kesah mangembara dateng ngilen. Sesampunipun mlampah tebih lan sampun pinten-pinten dinten rombonganipun Ki Ageng Mertandaka manggihi alas ingkang teksih rungkud. Teng alas punika Ki Ageng kaliyan rombongan teras mbabad alas kangge panggenan ngaso. Siang ndalu sami myambut damel mbabad alas, mboten ngraosaken sayah. Salebeting ngaso nggene nyambet damel, Ki Ageng Mertandaka lan rombongan nggene lenggah kaliyan jajar utawi jejer kaliyan omong omongan tentang pangembaraanipun.
Kebiyasaan Ki Ageng kaliyan rombongan nggene lenggah jajar, teng panggenan ingkang mbabad alas ndadosaken di asmani Kalijajar, saking tembung kaliyan jajar, lan saniki dados Kalikajar. Salebeting sare Ki Ageng Mertandaka angsal wangsit malih saking ngimpinipun puniko Ki Ageng Mertandaka supados damel dusun ing panggenan punika kaliyan rombongan lan netep teng panggenan ingkang kasilo saking mbabad alas punika, manut wangsite. Teras Ki Ageng Mertandaka ndamel dusun ing mriko lan diasmani dusun Kalikajar.
Sesampunipun dados dusun, dereng wonten sumber toyane. Rombongane Ki Ageng Mertandaka bingung, amargi mboten wonten toya. Samenika Ki Agen Mertandaka saweg mlampah-mlampah teng wilayah dusun,lan manggihi cahaya ingkang padang sanget, teras di caketi teng Ki Ageng, sesampune di tingali, jebule niku cahaya toya ingkang bening lan resik ingkang ngendong utawo kang biasa kasebur belik.Sesampunipun Ki Ageng ngabaraken dateng rombonganipun, supados ngangge toya punika kangge kepreluan sedinten-dinten. Ngantos saniki belik punika teksih dingge ing warga Kalikajar kangge kepreluan sedinten-dinten.
Sesampune netep, Ki Ageng Mertandaka ing dusun Kalikajar punika kathah keturunan, ingkang turun-temurun ngantos seniki. Sebab punika warga dusun Kalikajar, Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga punika di percaya keturunan saking Ki Ageng Mertandaka ingkang saking Purwareja.
Cariyos ing nginggil punika salah setunggalipun cariyos daerah tepate cariyos saking desa Kalikajar. 
 


PENGEMBARAAN MANGUNDRANA ASAL MULANE DESA JATISABA


PENGEMBARAAN MANGUNDRANA
ASAL MULANE DESA JATISABA

Biyen wonten tiyang-tiyang ingkang wonten ing sawijining desa, desa menika naminipun Kutasari. Manut kacariyos, tiyang-tiyang ing desa menika ngandalaken panguripan kalih bercocok tanam, pekawisan ingkang subur dimanfaatken kanti leres. Nanging nek sampun mboten subur malih, terus mados pekawisan liyane ingkang luwih subur.

Ing sawijining dinten, wonten tiyang jaler ingkang kepengin mados pekawisan subur ing daerah liyane. Kengetan pekawisan ing desa tiyang jaler menika sampun mboten subur malih. Tiyang jaler menika lelungan teng arah wetan kalih mbekto alat tani lan sangu panganan.

Sampun dinten-dinten mlampah, nanging tiyang jaler punika mboten pinanggih tiyang satunggalipun. Ngantos tiyang jaler punika kepanggih sawijining lepen gede, yaiku lepen klawing. Terus tiyang jaler menika mlampah turut punggir lepen menika. Nanging dereng mados pekawisan ingkang diarepaken.

Akhire ing wektu sonten, tiyang jaler punika wonten ing alas ingkang kathah woh jati, alas menika wonten ing pinggir lepen klawing, terus tiyang jaler punika kendel. Lan tiyang jaler punika mriksani keadaan sekitare, pancen alas menika subur nangit sepi sanget. Tiyang jaler menika mados tiyang ing sekitare nanging mboten wonten tiyang satunggalipun. Sampun dalu dinten menika tiyang jaler menika ndamel gubuk kangge sare.

Mbesuke tiyang jaler punika mados malih tiyang kangge ngrewangi nggarap pekawisan sareng-sareng. Nanging tetep bae mboten pinanggih tiyang ing mriku. Tiyang jaler menika akhire nyambut gawe piyambek. Sesampunipun pirang dinten tiyang jaler meniko mbangun padepokan. Sawijining dintes pas tiyang jaler menika lagin nggarap kebon, tiyang jaler menika semerep tiyang merek, lan tiyang jaler menika prentah supados sareng-sareng.

Selajuning dinten sampun kathah tiyang ingkang dateng marang padepokan menika lan nglakukaken kegiatan sesarengan. Akhire padepokan menika mbalik desa ingkang damai lan tentrem, tiyang-tiyang ing mriku setuju maringaken gelar kangge tiyang jaler menika, naminipun yaikun Mangundrana lan sepakat namikaken desa punika Jatisaba. Jati ingkang tegese asalipun daerah punika yaiku alas jati. Lan Saba ingkang tegese “menjelajah” yaiku caranipun tiyang jaler punika pinanggih papan punika.

Nganti saiki wonten tesih desa ingkang naminipun Jatisaba ing kota Purbalingga persisepun ing ngetanipun desa Bancar.




ASAL MULANIPUN DESA LOSARI


ASAL MULANIPUN DESA LOSARI

        Rumiyin ning kecamatan rembang tepatipun ning Bodas Karangjati wonten satunggal pedukuhan utawanipun dusun ingkang dereng wonten tiyang kendel ingkang mlampah ing pedukuhan niku, amargi daerah niku wonten penjagane yaiku ula gedhe.Ula niki umpetan ning sedawan gua watu teng dusun niku,sinten ingkang mlampah teng ngriku langsung dipun pangan dening ula gedhe wau niku.

        Ing sawijining dinten wonten tiyang ingkang kepengin mateni ula gedhe ingkang sering gawe resah warga sekitar dusun niki. Asmanipun ki sawunggalih banjur dheweke tapa ing gunung wadas putih ingkang jarake mboten tebih saking pedukuhan niku. Ki Sawunggalih tapa ning pinggir watu gede. Ki Sawunggalih niki sampun tapa 30 dinten 30 wengi nanging mboten olih wangsit, ing dinten ke 31 malemipun deweke ngimpi dipun tekani penunggu gunung wadas putih papan Ki Sawunggalih tapa, banjur ngendika kalih Ki Sawunggalih “ gaweo tentrem desa niki kalih keris wadas putih” banjur mbah weling nyerahaken keris niku. Enjangipun Ki Sawunggalih tangi saking tapanipun lan deweke kaget amargi ning pangkuane wonten keris.

        Sesampunipun, Ki Sawunggalih melbu maring gua ingkang dados umpetanipun ula gedhe mau, lan Ki Sawunggalih tarung kalih ula kue, deweke menang lan nugel endase ula kue mau, banjur Ki Sawunggalih mendem endasipun ula teng ngisor lemah. Tambah dinten, tambah taun ning tempat ingkang endasipun ula dipun pendem tikil wit jenenge wit “Loh”, witenipun gede ingkang kathah buahe lan kayunipun wonten sari madune.
Padukuhan niki tambah taun tambah gede lan amba, tiyang ngriku gadhah rencana ndamel kelurahan kiyambek lan tiyang-tiyang nyebut desa niku”losari” saking tembung “loh” lan “sari” “loh” dipun pendet saking nami wit loh ingkang gede,lan tembung“sari”.

Dados wonten panyuwunan supados desa niki dados desa ingkang ageng lan gawe sari utawanipun damelaken sejahtera kalih masyarakatipun sedoyo.


Asal usul Pring Amba


Asal usul Pring Amba

Ing jaman biyen wonten tiyang sepuh sepuh asmanipun Utheng. Utheng punika sewektu enom ngaos ilmu awet muda, sebab teng pikirane Utheng punika yen awet muda gesangipun bakal kepenak. Nanging nyatanipun gesang dangu menika mboten sedaya kepenak mesti wonten bungah lan susahe.

Sesampunipun gesang dangu, Utheng ngrasa mboten kepenak, Utheng kepengin pejah kemawon nanging amargi tau ngaos ilmu awet muda, Utheng mboten pejah-pejah. Sedaya cara sampun dilakokake nanging mboten wonten kasile.

Banjur Utheng badhe ngelakokake tapa, tujuanipun supados angsal petunjuk saking gusti alloh ingkang maha kuwasa. Saderengipun tapa Utheng mados papan kangge tapa

Sesampunipun mados papan ngantos langkung saking sedinten, akhiripun Utheng ninggali papan ingkang cocok kangge tapa, inggih punika kapanipun khatah wit pring banjur Utheng tapa ing papan punika.

Taun-taunan Utheng tapa ing papan punika nanging mboten angsal petunjuk apa sing dikarepake Utheng. Utheng malah angsal petunjuk supados mboten nyia-nyiaake uripe kangge tapa kemawon. Supados migunakake kangge kegiatan ingkang enten manfaatipun. Wangsitipun supados mbangun desa.

Sesampunipun Utheng angsal petunjuk, Utheng langsung ngelaksanakake petunjuk kasebut, banjur Utheng mbangun desa ing papan kangge tapa wau, amargi papan kangge tapa wau kathah papringan mula papan kasebut diasmani Pringamba.

Utheng sampun saged mbangun desa, Utheng dados tiyang ingkang kunurmatan ing desa punika.

Pungkasanipun Utheng saged pejah. Lan kangge ngurmati jasaniupun Utheng masyarakat Pringamba punika saben sasi saban kuburane Utheng dibersihi. Ngantos saniki tradisi bersih kuburan Utheng saben sasi sa’ban taksih dilakokake




CARIYOS REDI MUNGGUL


CARIYOS REDI MUNGGUL

Kacariyos ing redi Munggul satengah Nusa Jawi wekdal mijil cahya petak manjer sundhul ing awiyat, nunten nuwuhaken pupundhen ing cahyana.

Ing nalika jamanipun Sang Prabu Banjaransari jujuluk Prabu Brawijaya Mahesa Trandaman, Ratu ing pajajaran ingkang kaping II kagungan putra kalih. Pambajeng nama Adipati Mendhang, ingkang wuragil nama Raden Mundingsari.

Sasedanipun ingkang rama, Adipati Mendang gumantos jumeneng nata ing nagari Pajajaran ajejuluk Prabu Brawijaya mahesa Trandaman.

Nuju satunggaling dinten Sang Nata mios siniwaka munggeng taruh wangunan kaadhep ingkang rayi lajeng andhawuhaken pangandika makatan :”Dimas,ing wektu iki sira bae jumeneng nata ing kene,jalaran aku wis sinungwikan yen ing wetan bener kana ana cahya,mula bakal dak upaya “.

Ingkang rayi nayogyani,sarta lajeng jumeneng nata ajejuluk Prabu Mundingsari.Adipati Mendhang nuli jengkar saking nagari ,tapa ngarang ing wukir jambudipa,ing karesidenan Banten,samangke nama Redi Karang.Gantos asma Pangeran Jambukarang kabekta saking anggenipun tapa ngarang.

Sajengkaripun Pangeran Jambukarang mertapa,kacariyos ingkang rayi (Prabu Mundingsari)kedhawahan pustaka tanpa sastra.Sang nata saklangkung emeng ing panggalih,enggal siniwaka pepak sagung para punggawa.Sang Nata lajeng maringaken pustaka kala wau ,kinen amaosaken gentos-gentos ,nanging satunggal kemawon mboten wonten ingkang saged nunten wonten satunggaling abdi sepuh nama Juragan Rukmi,munjuk katur:”Gusti Pustaka punika mboten wonten ingkang saged maos kejawi namung Raka Dalem.”Sang Prabu paring pangandika :”Yen mangkono becik kowe sowana marang Kangmas ingkang lagi mertapa ing Gunung Jambudipa ,aturana kodur dhisik !”Juragan Rukmi sabalika,nuli budhal.

Dumugi ing pratapan agahan kadangu dening Sang Pangeran Jambukarang :”Geneya sira sumusul ?”Aturipun ingkang kadangu :”Gusti,kawula kautus ingkang rayi dalem Sang Nata ,panjenenganipun dalem kaaturan kondur rumiyin amargi kalawau dalu rayi dalem kadhawuhan pustaka tanpa sastra,sanget andadosaken emenging panggalih rayi dalem dene mboten wonten ingkang saged maos.”Sang Pangeran dhawuh:”Apa ingsun kang bakal bisa maca ?”

Sanalika Sang Pangeran jengkar konduring kedhaton.Kacariyos Sang Pangeran dumugi ing nagari,ingkang rayi kaleres lenggah siniwaka ing ndhampar gadhing (?)Uninga ingkang raka rawuh,tumuli jengkar saking palenggahan medal sajawaning tratag methukaken ingkang raka lajeng kaacaran lenggah.Sesampunipun bage –binage ingkang rayi matur:”Kang mas,kalawau dalu kulo kedhawahan pustaka nanging aturipun Juragan Rukmi,tamtu namung Paduka ingkang saged maos “.Ingkang raka ngendika:”Iya bener atur ira,ingsun bakal bisa maca.”

Sanalika pustaka lajeng kapundhut dhateng ingkang raka.Saksana ingungkab tinu piksan ijenen nawala,sing sapa angajawa dhisik bakal dadi Ratu Pinandhita lan sing sapa temen anemenaken pandhita bakal ora nganggo tambah maneh.

Sesampunipun maos nawala sang Pangeran tumuli pamit dhateng ingkang rayi Prabu Mundingsari ,kinanthi abdi 160 cacahipun badhe nglajengaken pangupayanipun cahya.Lampahipun Sang Pangeran nrobos samudra mencat baita saking muara krawang,sadinten sadalu dumugi selat bali ing riku cahya ketingal ing sisih kilen .Pramila Sang Pangeran muter arah anggenipun lelayar wangsul nelayar malih dumugi muara pemalang,sungapanipun lapen Comal ing dusun Jatisari .Sang Pangeran kendel madhepokan sapunika kateleh Pangeran Gesang (tilas padhepokan ing satengahing lepen Comal ).

Sareng sampun sawetawis dangu ,Sang Pangeran jengkar saking riku nglajengaken anggenipun mbujeng cahya lampahipun manjat ing Redi Cupu,tumedhak ngetan anjog ing lepen Kuripan manjat malih ing redi Kraton,tumendhakipun mangidul anjog ing redi Lawet anjog ing Panusupan.Cahya taksih ketingal iku kidul leres,Sang Pangeran lajeng mangetan dumugi dhukuh Bojongsana,mangidul urutipun lepen idhung anjog ing Kedhung Bedhah,mangidul malih anjog ing Kedhung Manggis.Ing mriku pinanggih tiyang sakurep (tiyang kalih jalu +estri )saweg mayu kadangu:”Sapa aranira lang dhukuh apa iki arane?”aturipun tiyang kekalih wau ;” Nami kula kaki Kelun Nini Kelun. Dene dhekah punika nama dhekah Wanaksimpa”. Sang Pengeran ngendika ;”Ing wektu iki ingsun elih aranana dhukuh Pasindhangan (samangki dhusun Rajawana). Tindakipun Sang Pangeran teras mangidul,ugi mangge tiyang sakurep,kadangu :”Kaki sapa jenengira lan dhukuh iki apa arane ?”aturipun ingkang kadangu :”Nami kula Kaki Monang Nini Monang,dene dheka punika namidheka Karangarum.”Sang Pangeran ugi dhawuh,”Saiki ingsun elih,aranana dhukuh Makam amarga wis ana pasipatanira .”

Sang Pangeran nerasaken tindakipun mangidul ugi pinanggih tiyang sakurep kadangu nama Kaki Bongkok Nini Bongkok .Ing ngriku wonten siti munggul.Sang Pangeran minggah wasana ing ngriku cahya pinanggih,siti munggul punika ingkang katelah Giri Cahyana (tegeseipun Cahyana =Cahya pinanggih).Siti panggenan cahya wau lajeng karumat dipun resiki.Sang Pangeran sawetawis dangun anggenipun bebokor ing mriku hanengga cahya wau sinigeg ingkang saweg kakuwu.

Gentos cariyos pangeran Antasangin ing Arab(Syeh Maulana Maghribi).Sabakdanipun sholat Subuh sinuwikan ing kidul Wetan wonten cahya manjer pethak sundhul ing ngawiyat.

Sanalika Sang Pangeran linggar saking Arab, kadherekaken ing Sokhabat 300 cacahipun. Nembe sadinten sadalu anggipun layar, sampun dumugi ing Muara Gresik (Surabaya). Cahya ketingal ing sisi kidul kilen, cengkelak baita kaarahaken wangsul dumugi Muara Pemalang. Cahya ketingal ing kidul leres Sang Pangeran tumunten tedhak saking giyota. Tindak dharat mangidul leres lampahipun saengga dumugi ing redi cahyana. Ing ngriku, pinanggih kalian Pangeran Jambukarang. Uluk salam ngantos kaping tiga, nanging Pangeran Jambukarang kendel kemawon. Sang Pangeran Atasangin ngendika,“Boya wong iki Buda, dene sun uluk, salam meneng bae?” Sang Pangeran Jambukarang mangsuli: “ingsun dudu wong Budha utawa kapir. Ingsun janina linuwih ya nyata sang Pangeran Atas Angin.” Sira ngaku janma linuwih, apa kang dadi kaluwihanira?” “Sang Pangeran Jambukarang, kethuningsur bisa miber.” “Kaosaingsun uga bisa miber, pangandikanipun Pangeran Atas Angin, ayo gawenen trasandha, endi kang dhuwur mibere, ketara saka tibane. Yen tihane kethunira katindhinan ing kaos ingsun, sira nyata lkapir lan bakal sun islamake.’’ “Iya, becik”, wansulanipun Sang Pangeran Jambukarang.

Sanalika sang Pangeran Jambukarang ngiberaken kethu Sang Pangeran Atas Angin nimbangi, ngiberaken kaos. Boben antwis dangu, kethu lan kaos sami dhawah ing ngarasanipun Pangeran Jambukarang, yektos nawawipun kados nindhii kethu. Nitik kawontenan pangeran Jambukarang kataros punapa sampun narimah, aturipun dereng taksih wonten malih kasantikanipun. Sarujuk ngedhalaken pangawikar malih. Pramila Pangeran Atas Angin anganjung tigantinata tumpuk menginggil ngantos dumugi ing awing-awang, nuli Pangeran Atas Angina ken supados tigan kaasta mbaka satunggal saking ngandhap saengga kantun satunggal anggantunjg ing awing-awang tanpa canthelan cahya dumeling lin sinasotya. Ewa samanten piyambakipun dereng narimah ugi Sang Pangeran Atas Angin sigra angrenteng-renteng kendhi isi toya, ugi katata numpuk manginggil dumugi ing awing-awang lan ugi kinen mendhet pamendhetipun dumugi mboten saged. Sang Pangeran Atas Angin ngrucat anjungan kendhi wau satunggal-satunggal kendhi kaslentik, pecah, toya kantun anggrantung ing awing-awang tanpa canthelan, mawa cahya dumeling pindha kencana singaling.

Cariyos ing nginggil amurwani dumadosipun dhusun Grantung, kabekta saking panggrantung ipun tiga punapa dene toya ingkang kangge ambabaraken pangawikanipun pangeran kekalih wau.

Kanthi makaten Pangeran Jambukarang rumaos katelasan kadogdayan lan kasantikan saking lingsem ing penggalih nuli murca. Pangeran Atas Angin kacalan, sidhakep sinuku tunggal, mepati babahan hawa sanga manekun muja semedi nenuwun ing Allah.

Tinampi panuwunipun Pangeran Jambukarang muncul ing sapengkeripun katantun, kepriye saiki apa wis narimahing kalahe serta apa banjur gelem diislamake. Aturipun kula nuwun inggih sendika ndherek sakersa tuwan Sang Pangeran Jambukarang cinandhak astanipun kaliyan dhawuh dhateng sakhobatinipun inggih punika pun khaji Dhatuk andikaken mendhet toya zam-zam dhateng Mekah.

Sang khaji Datuk enggal mesat sakedhap netra wangsul kanthi manggul lodhong isi toya zam-zam. Saksana lajeng katur minangka cecep pamarsa rikmanipun Pangeran Jambukarang. Toya langkungan ingkang taksih wonten lodhong kasendhekaken ing wit pupa, lodhong rebah toya wutah dados kubangan ngantos dumugi sapriki kubangan wau mboten wonten asatipun, ketiga rendheng toya ajeng kemawon malah kepara dados pamidhangipun tiyang-tiyang. Ing dinten-dinten Anggaran Kasih (Slasa Kliwon), Jumuwan Kliwon, kangge adus utawi mendhet toyanipun kangge sarat.

Kacariyos Sang Pangeran Jambukarang ka kethok kenakanipun, rikmanipun kaparas. Kethokan kenaka saha rikma kapetak ing ngriku sareng kalayan kawulang kalimah syahadat kalih. Sareng badhe ketetesan ngelmu sejati gadhah panuwun pindhah panggenan ingkang sae, sarta matur bilih gadhah siti luhur inggih punika ing redi Kraton. Sang Pangeran Atas Angin nayogyani, sanalika pangeran kekalih sami jengkar minggah ing puncaking redi Kraton wonten ing ngriku Sang Pangeran Jambukarang kawejangan ilmu sejati. Nalika Pangeran Atas Angin mejang illmu sejati, tepis wiringing puncak redi kraton sedaya sami ngangkluk mriku (malah sengga sapriki), sarupaning kumelip punapa dene thethukulan sedaya sami kendel mboten osik, esthinipun mirengaken. Puncaking Redi Kraton sacengkal pesagi wradin, resik gumrining. Kekajengan ing sacengkaling ngriku sami murang, oyod ngacung manginggil, lung-lung sami manglung mangandhap.

Sabakdanipun kaislamaken, Sang Pangeran Jambukarang nyipta putra-putra setunggal, saklangkung endah ing warni kaaturaken dhateng Pangeran Ata Angin kanthi peparab Sang Dyah Nyahi Rubiyah Bekti wonten emperipun tandha bekti. Pisungsungipun Pangeran Jambukarang katampi dening Pangeran Atas Angin, Sang Dyah Nyai Rubiyah bekti kanikah (kagarwa) dene sirkaniwipun emas timbange Nusa Jawi.

Kacariyos mboten antawis dangu Pangeran Jambukarang seda kinurmatan dening Pangeran Atas Angin kunarpa kasareaken ing Giri Lawet.




BABAGAN LEPEN ARUS Dusun Mipiran


BABAGAN LEPEN ARUS
Dusun Mipiran

Ing dusun Mipiran kecamatan Padamara, kabupaten Purbalingga wonten satunggaling cariyos inggih punika cariyos babagan lepen Arus. Lepen Arus inggih punika salah satunggaling lepen ingkang dados wates dusun Mipiran kalian dusun Karang Jati ingkang sampun mlebet kabupaten Banyumas.

Kacariyos wonten ing jaman penjajahan Belanda kinten-kinten taun 1930-an wonten satunggaling palagan ageng-agengan ing wates dusun Mipiran kalian dusun Kuyukan. Palagan punika mboten namung nglibataken masyarakat dusun Mipiran kalian masyarakat dusun Kuyukan ananging ugi masyarakat dusun sanes kados masyarakat dusun Lumbayu, Karang Jati, Karang Gambas, lan sanes-sanesipun.

Midherek cariyos wonten ing dinten rabu manis taun 1930, Belanda ingkang nggadhahi sarana modern ngawontenaken gempuran ageng-agengan saking sekawan penjuru, inggih punika saking wetan, kidul, kilen lan saking ler. Amargi kaget, masyarakat punika mlajar mados panggenan ingkang aman saking gempuran Belanda tanpa enget dhateng banda dunyanipun. Masyarakat saking sekawan penjuru punika mlajar ngantos dumugi wates dusun Mipiran kalian dusun Kuyukan.

Nanging Belanda ingkang nggadhahi sifat licik, lajeng nyerang masyarakat pribumi punika ngagem sarana ingkang modern. Raos kamanungsan lan nalar dipunlirwakaken, ingkang dipuntengenaken namung raos kebranang. Masyarakat punika mboten alit manahipun, ngagem sarana tradisional andalanipun, inggih punika bambu runcing masyarakat pribumi lajeng nglawan dhateng Belanda. Sedaya wau satunggal ingkang dipungegayuhake inggih punika supados Bangsa Indonesia saged gesang tentrem lan makmur mboten wonten alangan satunggal punapa.

Nanging Gusti Ingkang Maha Agung sampun nemtoake garisipun takdir. Amargi mboten imbangipun sarana ingkang dipunangge, masyarakat pribumi lajeng angsal kekalahan. Kathah masyarakat pribumi ingkang pejah amargi palagan punika, namung satunggal kalih tiyang ingkang slamet. Tiyang ingkang pejah punika lajeng dipunpurugi sanak sadherekipun supados saged dipunsareaken wonten ing pesarean dusunipun piyambak-piyambak. Nanging wonten ugi ingkang sampun mboten gadhah sadherek lajeng dening masyarakat dusun Mipiran dipunsareaken wonten ing pesarean Pule ingkang dados pesarean kaping satunggal wonten ing dusun Mipiran.

Saking kathahipun tiyang ingkang pejah, getih (marus) ingkang medal dados mili dhateng lepen Cirodek ingkang wonten ing dusun Kuyukan punika. Getih (marus) punika ndadosaken toya wonten ing lepen punika abrit, lajeng lepen punika dipunasmani lepen Arus dening masyarakat dusun Mipiran ingkang dipunpendhet saking tembung marus (getih). Nanging lepen Arus namung dumugi wates dusun Kikiran lan salajengipun dipunasmani lepen Caning.

Ngantos dumugi seniki, dipuncariyosake dening tiyang-tiyang sepuh bilih wonten ing lepen Arus kathah peninggalanipun kados dene emas ingkang awujud gelang, kalung, ali-ali, giwang lan sapanunggalipun.




BABAGAN DUSUN BANJARAN


BABAGAN DUSUN BANJARAN

Ing jaman biyen Dipati Onje ngriwayatake sawijining dusun yaiku dusun Banjaran. Ing Dusun punika wonten palagan ingkang ageng. Sesampunipun palagan paripurna Dipati Onje weling supados dusun punika dipun asmani dusun Banjaran. Amargi ing dusun punika wonten petilasan sikil jaran.

Dusun Banjaran nggadhahi tiga dukuh yaiku Sawangan, Tambangan lan Limbuk. Saben-saben perdukuhan nggadhahi makna ingkang benten. Sawangan nduwe arti nyawang ngalor lan ngidul. Menawi wonten bencana ingkang ageng ing dukuh punika naming nyawang.

Ananging, dukuh Tambangan gadhah barang tambang ingkang kathah ing saged digunakaken denging masyarakat dukuh Tambangan. Lan dukuh Limbuk yaiku perdukuhan ingkang dipun paring saking Dipati Onje.




PEPELING ING DUSUN TIMBANG



PEPELING ING DUSUN TIMBANG

Sawijining dusun Timbang naminipun. Jaman rumiyin dusun menika kondang ing kabupaten Purbalingga. Masyarakat ingkang nduduki wilayah kasebut hidup kanthi rukun, aman, tentram lan damai, serta seneng gotong royong.

Langkung dusun Timbang menika kondang amargi wilayahe gadhai tanah ingkang subur, ingkang jelas dusun Timbang kathah senagian masyarakatipun gesang dadus petani, boten bare kasatan toya. Iki mengetaken dusun timbang kaapit kalih kali ingkan toyanipun tansah mili terus, yaiku lepen Gringsing ingkang ngalir ing sebelah wetan lan kilen ugi ngalir lepen Keramean.

Dusun Timbang piyambak dipimpin wonten demang ingkang bijaksana, sakti, lan pinter mimpin yaiku Demang Wiramenggala. Demang Wiramenggala pidalem sareng keluarganipun ing dalem ingkang kabentuk Joglo.

Demang Wiramenggala gadhah garwa ingkang setia lan 2 putra. Kekalih putra menika ingkang kawitan kakung asmanipun Pratama, lan ingkang nomor kalih wanita ingkan cantik jelita asmanipun Ambar Sekar.

Kaluwesan Ambar Sekar dumugi pelosok desa ing Kabupaten Purbalingga. Lan Kados Sekar ingkana mekar, kados kathah jejaka ingkang tertarik lan kepengin mempersunting sekar dusun Timbang menika. Ing sawijining dinten, Ki Demang Wiramenggala madosi putrinipun. Lajeng Ki Demang mistaken apa sebabipun Ambar Sekar sering ngalamun, lajeng Pratama rawuh lan ngendhika bahwa Ambar Sekar saweg mikiraken jejaka saking Toyareka ingkang asmanpun Taruna. Ambar Sekar bingung lan boten jawab pitaken Ramane. Ramanipun Ambar Sekar minasehati supados Ambar Sekar cepet berumah tangga.

Akhiripun diadekake sayembara. Sayembaranipun yaiku saged ngalahake Pratama, saged ngangkat keris pusaka Ki Socakala, lan saged menuhi permintaan Ambar Sekar yaiku cincin Kalpika Rukmi seser paningset, pending emas, kain batik Truntum, kain Sida Mukti lan kain Sida Mulya. Sesampunipun sayembara diumumaken, kathah pemuda ingkan ricoba menaki syarat-syarat kasebat ingkang berat dilaksanake.

Saking pemuda-pemuda kasebut ingkan Ambar Sekar idamaken yaiku Taruna, putranipun bekel Wirayuda. Ambar Sekar berdoa supados Taruna saged menangken sayembara. Perjuangan keras oleh hasil, Taruna saged menuhi syarat-syaratipun. Lajeng diadakake pesta pernikahan Ambar Sekar lan Taruna, pernikahan kasebut mertunjukake lengger lan wayang kulit. Pesta menika didathengi Adipati Purbalingga lan rombongane. Kangge ngurmati Adipati Purbalingga disuguhaken jamuan, nanging nendadak Adipati nessu, amargi jamuanipun wonten benda elit warnanipun ireng. Demang Wiramenggala wedi lajeng Adipati lan rombongane tindak. Ternyata diketahui benda ingkang elit lan warnanipun ireng menika ketan ireng ingkang bentuke menyerupai kotoran tikus. Lajeng mendadak wonten geni acarianipun kacau.

Akhiripun Ki Demang Nesen supados warga Timbang boten ansal bangun rumah joglo ingkang pagar bertalangja, nanggap wayang lan masang patar rata ing ngajeng umahe. Pesene esih di enggo nang masyarakat desa Timbang.




ASAL-USUL DESA KARANGSARI


ASAL-USUL DESA KARANGSARI

Ing jaman rumiyin para Wali saweg makempal. Wali Perkasa, Madum Cahyana,Madum Husen, lan Pendekar kang dijuluki Banteng Kuntet wau ngrembakaken nami-nami dusun teng Kecamatan Karangmoncol.

Sasampunipun paripurno anggenipun musyawarah Pendekar Banteng Kuntet mampir wonten lepen Karang kiyambeke ngaso kalih mikir badhe namini napa dusun wau. Banjur kiyambeke ngemu pikir supados lemah ingkang biasa diengge musyawarah wau kok mesti musyawarahe kaasil sing sae. Dados Pendekar Banteng Kuntet namini dusun wau dusun Karangsari ingkang artinipun Karang niku Lemah lan Sari niku Sae.

Saderenge Pendekar Banteng Kuntet kesah saking Dusun Karangsari kiyambeke ninggalaken agemanipun ingkang saweg diengge. Ageman niku namine ageman Kere. kang dipercaya teng masyarakat Karangsari ageman punika badhe diengge teng tiang kang pantes kangge perang ngadepi kejahatan teng jaman akhir benjang.




ASAL USUL DIPUN NAMENI DESA TAMANSARI


ASAL USUL DIPUN NAMENI DESA TAMANSARI

Putri ingkang rupinipun sulistya ing warna utawi ayu. Kathah nem-neman ingkang sami katuju prana utawa jatuh cinta, nanging putri wau mboten nglanggati utawi mboten nanggepi. Semarang tingkah polahe putri wau tansah dados kawigatan mila putri wau gesangipun mbujeng ingkang akhiripun kendel ing taman ingkang kathah sesekar maneka warna, putri wau ical.

Dumadakan wonten sawer ageng, lan sawer wau dipun pejahi lan dikubur ing mriku. Mila wonten para sepuh desa wau dipun nameni Desa Tamansari. Ngendikane para sepuh, putri ingkang ngical wau nggadahi pangangkah utawi tujuan mboten milih nem-neman salah satunggal, amargi kuartos dadosaken perang utawi dedra para nem-neman wau. Lan manut crita wonten ingkang gadahi pananggih menawi wonten estri prawan ingkang ayu sanget tanpa cacat gesangipun mboten panjang yuswa.

Wonten mitos ingkang cariosaken menawi estri-estri desa Tamansari rupinipun luwes, lan soksintena tiyang ingkang manggen Tamansari sinausa sanes tiyang Tamansari nami sampun manggen teng Tamansari, tiyangipun badhe ketingal pantes luwes.



ASAL USUL DESA KARANG TENGAH



ASAL USUL DESA KARANG TENGAH

Ing zaman mbien wonten wong sing saakti mandraguna.wong niku jenenge aji karang ,aji karang meniku seneng maring kembang desa sing uripe serba mewah .aji karang niku wong sing ora duwe ,amargi aji karang akeh saingane ,aji karang nggunakaken kesaktianipun kangge nggolet duwit sing akh akeeh.

Jenengipun kembang desa niku yaniku enah. Sesampunipun aji karang duwe duwit akeh aji karang meniku langsung nggoleti enah kangge di lamar.nanging enah tesih mboten gelem di lamar neng aji karang meniku. Amargi enah tesih njaluk panjulukan yaiku aji karang supados mindahaken umaeh enah maring tengah tengah sabin. Aji karang meniku menyanggupi permintaan enah meniku.amargi aji karang duwe kesaktian,umah enah niku bisa di pindah teng tengah tengah sabin. Sesampunipun aji karang mindah umaeh enah,aji karang langsung nagih janjine enah,enah pun nepati janjine nipun.

Aji karang lan enah akhirnipun menikah lan gade putra gangsal,lan putranipun njaluk umah neng jejer umaeh wong tuwane niku.amrgi teng sabin meniku akeh umah jadi teng aji karang njenengi desa karang tengah .desa sing umaeh diubengi teng sabin sabin utawi umah sing neng tengah tengah sawah.




ASAL USUL PADUKUHAN SIRONGGE


ASAL USUL
PADUKUHAN SIRONGGE


Rikala jaman semanten, wekdal punika kula teksih alit, kula dipun ajak sowan dalemipun simbah lajeng kula dipun cariosi kaliyan simbah wontenipun “Padukuhan Sirongge”. Antawisipun mekaten.

Ing wekdal punika wonten sawijining punggawa kadipaten ing Purbalingga supados mriksani wontenipun kahanan ing Keputren. Keputren punika sawijining padukuhan ingkang panggenanipun ing perbatasan Wirasana ugi pesanggrahanipun para putri.

Punggawa punika lajeng teras tindak menyang keputren,wonten ing satengahing margi punggawa punika priksa wonten kenyo putri saweg lenggah ing pinggiring margi. Lajeng piyambekipun taken kaliyan kenyo punika.

Siro ngger lagi ngapa?” pitakonipun punggawa punika. Nanging kenyo wau mendel salebeting punggawa ngendika dumatheng kenyo wau. Lajeng punggawa punika kagungan penggalih lan ngendika wonten batosipun piyambek.“Aku duwe gegayuhan, yen ana rejaning jaman. Padukuhan sing kanggo peristirahatane kenyo putri mau arep tak jenengi “Padukuhan Sirongge”.

Dugi sapriki padukuhan punika dipun paring asma ‘‘Padukuhan Sirongge’’. Ingkang mboten sanes nderek wewengkonipun Padukuhan Kembaran Kulon. 

 


ASAL MULA DUSUN SAWANGAN


ASAL MULA DUSUN SAWANGAN

Jaman biyen wonten sawijining dusun Sawangan wonten sumur ingkang dipun jaga dening Mbah Sandung Sawang. Sumur meniko dipun asmani sumur gowok.

Miturut carios tiyang sepuh, sumur meniko dipun damel dening para wali, ingkang ndadosaken desa meniko desa perwalian,inggih menika desa ingkang katah para wali. Wonten malih ingkang asmani desa menika Desa Perdikan, inggih meniko desa ingkang mboten angsal sade beras utawi panganan ingkang dipun damel saking beras.

Wonten desa menika inggih mboten angsal nanggap wayang amargi wonten carios menawi nanggap wayang saged ketekan banjir. Niku salah satunggalipun larangan wonten Desa Sawangan.

Sumur Gowok meniko dados lambangipun desa sawangan, amargi kagolong keramat lan angker utawi serit, wonten sumur menika inggih wonten wit ingkang ageng sanget lan terose wonten makhluk halus ingkang dipun tunggu. Amargi teng tiyang sepuh desa meniko disawang-sawang niku sae lan kangge ngurmati mbah sandung sawang banjur desa niku di asmani desa sawangan, sawangan meniku artinipun desa ingkang disawang ing awang- awang. Dugi saniki Sumur meniko tesih wonten lan tetep terjaga kelestarianipun.




ASAL USULIPUN DESA KALIALANG


ASAL USULIPUN DESA KALIALANG

Dek Jaman biyen wonten tiyang ingkang sekti mandraguna nanging nduweni watek awan inggih punika sok sawenang-wenang lan suthakah, aranipun Sutingkir. Sawijining dinten wonten pengembara naminipun raden Suradiwangsa putrane Ratu Solo kepanggih kalian sutingkir lan priksa Sutingkir saweg nerwasa wong ingkang sampun sepuh sajatosipun raden Suradiwangsa bade mbiyantu nanging mboten saged, amargi raden Suradiwangsa ngerti kasekktiane dereng saged ngalahake sutingkir. Suradiwangsa banjur tapa, sawise tapa pitung dina raden Suradiwangsa di temoni neng ula gedhe. Ulanipun matur menawa dheweke saged mbiyantu Raden Suradiwangsa, nanging syarate kudu manggon wonten dhusun punika. Salajengipun Raden Suradiwangsa nyanggupi, banjur ulani punika malik dados pusaka awujud keris.

Sasampunipun Raden Suradiwangsa nekani Sutingkir saperlu adu tandhing, sesampunipun adu tandhing kanthi ngethokake kadigdayane, Sutingkir kalah. Sutingkir banjur mlajar saking dusun marang wana.

Raden Suradiwangsa nancepaken kerisipun ing bumi supados Sutingkir mboten wangsul malih teng dusun menika. Sesampunipun keris dipun tunjlepaken banjur wonten jaweh ageng sanget, enjingipun warga sami geger amargi ningali dusunipun sampun dialang-alangi lepen utawa diubengi kali. Saking kedadosan punika dusuni pun diasmani dusun “Kalialang” inggih punika saking tembung “kali” lan “malang” ,banjur Raden Suradiwangsa dados lurah ingkang wiwitan wonten dhusun Kalialang.




TUK CIKUPEL


TUK CIKUPEL

Ing jaman biyen wonten pengembara saking tanah pasundan ingkang nami Ki Balongwerta ing jaman pajajaran.Sejatosipon uga Ki Balongwerta ngantos ing lereng gunung slamet sisih wetan.Ngantos seniki,tujuannipun mboten pada mangertos.Ingkang liya mangertos Ki balongwerta uga ngadegaken pesanggrahanutawi kupel.Ingkang cekat kalih tuk niki. Pesanggrahan utawi kupel niki dening Ki balongwerta,dados tiyang desa niku maringi nami ing panggenan niku kupel utawi pesanggrahan.Nanging toya ingkang mili saking weteng bumi niki enten hubungane kalih (TUK) ingkang wonten ing sisih wetan.

Jere-jerene,Ki balongwerta ing jaman biyen ngembara ing lereng gunung slamet anggonipun.Lajengipun Ki balongerta maringi nami panggenan ingkang kangge singgahanipun kangge awalan tembung “CI”.Tuladhanipun Cipaku,Cikalong,cibuek.Kalebet TUK ing pinggir pesanggrahan niki diparinggi nami “CIKUPEL.




BABAT ''WATULAWANG'' LAN DESA ''KALAPACUNG ''


BABAT ''WATULAWANG''
LAN DESA ''KALAPACUNG ''

       Rikala jaman semonten , wonten tlatah tanah jawi gesang tiyang ingkang sekti mandraguna , asmanipun Ki Mandrayudha . Ki Mandrayudha gadah pusaka nggih menika “ iket wulung “ , panjenenganipun ugi remen sanget ngagem rasukan ingkang sarwa cemeng . Ki mandrayudha gadhah laku batin lan kanuragan nggih menika puasa wonten dinten senen pon lan kemis pon . Ki Mandrayudha gadhah kakang , asmanipun Ki Mandrawangsa . Ki mandrayudha lan kakangipun gadhah sipat ingkang benten , Ki Mandrayudha , rumaos dados tiyang mboten gadhah remen tulung teng sasomo . Nangimg kakangipun amargi banget sugihe panjenenganipun gadhah sipat gumedhe lan mboten purun nulung lan srawung kaliyan tiyang ingkang drajatipun luwih asor tinimbang panjenenganipun .

Miturut tiyang sepah teng dusun kula , Ki Mandrayudha gadah putri ( asmanipun mboten dipun mangertosi ) ingkang ayunipun kados widodari ngejawantah . Kathah pemuda – pemuda ingkang gadhah gegayuhan saged sumandhing kaliyan putrinipun Ki Mandrayudha .Ananging saupami enten pemudha ingkang badhe nglamar putrinipun Ki Mandrayudha , putrinipun Ki Mandrayudha mesti mboten purun . Ngantos sawijining dinten enten pemuda( asmanipun mboten dipun mangertosi ) ingkang nglamar putrinipun Ki Mandrayudha , amargi Ki Mandrayudha mboten purun putrinipun dipun wastani prawan tuwa , dados Ki Mandrayudha nampi lamaranipun pemudha wau , tanpa paring pangerten dateng putrinipun .

        Nalika paring pangerten dateng putrinipun , putrinipun Ki Mandrayudha kaget lan mboten purun nampi lamaran punika , nanging sasampunipun dipun lirihi dening Ki Mandrayudha , putrinipun purun nampi lamaran punika , nanging kanti syarat . syaratipun nggih punika dipun tanggapaken Tayuban , anggonipun nanggap ngagem dalem ingkang ageng lan miwah .amargi banget tresnanipun Ki Mandrayudha , Ki Mandrayudha nyangguhi syarat punika .

Sawijning dinten , Ki Mandrayudha tindak wonten dalemipun kakangipun, Ki Mandrawangsa , kanti niyat badhe ulem – ulem lan ngampil dalemipun kakange ingkang banget agengipun . sasampunipun wonten dalemipun Ki Mandrawangsa , Ki Mandrayudha sanjang
kakang , kula sowan dalem panjenengan sepindhah kula ajeng silaturahmi , kaping kalih kula ajeng nyuwun dunga restu , kula ajeng nikahaken putri kula ,”
Ooo..... kaya kue . . . . yaya..... kapan kue acarane ?”
mangkin ndalu kakang.................., saupami Gusti maringi kelancaran kula ajeng nanggap tayuban ,”
walahh................wong kere , kemlithak nanggapi tayub apa jagane sanggup ,”
kanti restuning Gusti Allah..............,”
ya........wis bodho – bodhoa ko...................., angger nyong si percaya ora baka dadi.................heh ,”
nggih kula nyuwun pamit kakang ,”
' ya wis , mengko nyong teka mandan sorean ,”

Sasampunipun pamit Ki Mandrayudha mboten langsung kondur , nanging sesigeggan nginggeng saupami Ki Mandrawangsa ajeng budhal . Ngantos sonten Ki Mandrayudha anggonipun ngentosi , sasampunipun Ki Mandrawangsa budhal Ki Mandrayudha langsung ngukebi dalemipun kakange ngagem iket wulungipun lanmbekto dalem wau budhal wonten umahipun medal margi ingkang mboten dipun liwati dening kakangipun .

Ki Mandrawangsa dugi dalemipun Ki Mandrayudha , teras kaget mriksani dalemipun Ki Mandrayudha sami kaliyan dalemipun piyambak
“ iki umah kaya umahku ….....!”nanging Ki Mandrayudha mboten wantun ngendika dumateng Ki Mandrayudha.

Wengi punika acara nikahanipun putrinipun Ki Mandrayudha gayeng sanget ,ngantos enjing . sasampunipun enjing Ki Mandrawangsa pamit kondur , sasampunipun Ki Mandrawangsa pamit ,Ki Mandrayudha lajeng ngungkebi dalem gedong wau ngagem iket wulungipun , teras mbekta dalem punika teng panggenan asalipun . amargi wekdalipun sampun mepet , Ki Mandrayudha wedi saupami anggonipun mbekta dalem punika kewenangan teng tiyang sanes lan teng Ki Mandrawangsa dados anggenipun mbekta kanti mlayu – mlayu.

Ing sawijining grumbul lawangipun dalem punika daweh , nanging Ki Mandrayudha mboten ngertos saupami lawangipun daweh. Sasampunipun Ki Mandrayudha dugi panggenan asalipun dalem punika Ki Mandrayudha teras njublegaken dalem punika kados waunipun , lajeng kesah saking mriku . Mboten ndangu , Ki Mandrawangsa dugi dalemipun , Ki Mandrawangsa kaget lawangipun dalemipun mboten enten , lajeng Ki Mandrawangsa ngutus dumateng gandhek supados madosi lawang ingkang ical . Gandhek punik nepangi teng sawijining grumbul enten lawang kang njubleg , lajeng gandhek punika paring pirsa dumateng Ki Mandrawangsa .Ki Mandrawangsa mriksani lawang punika ,” Loooooooo……………… kiye bener lawange nyong , ayo cepet nduduk lawange !” Ki Mandrawangsa ngutus gandhekipun supados nduduk lawang punika. Nalika nduduk lawang punika , pacul ingka dipun agem kangge ngeduk lawang wau gowang , sahingga lawang punika mboten saged dipunpendhet ngantos saniki.

Saniki grumbul ingkang enten lawangipun punika dipun wastani “WATULAWANG” amargi enten lawang njubleg ingkang rupanipun kados watu . Lan desa mriku dipun wastani desa “KALAPACUNG” saking tembung “KALAH” lan “PACUL”. Wonten desanipun Kula nggih menika desa Tangkisan , panggenan asalipun Ki Mandrayudha enten pepaling nggih punika , mboten kenging ngagem iket wulung lan ageman ingkang sarwa cemeng , ugi mboten kenging puasa wonten dinten senen pon lan kemis pon , amargi sedaya wau ageman ingkang dipun remeni teng Ki Mandrayudha lan puasa wau , puasa lakunipun Ki Mandrayudha , sahingga mboten kenging enten ingkang tiru . 

 


Watu lintang

Watu lintang

Ing sapinggiring ksli plapon desa sokanegara kecamatan Kejobong Purbalingga ana kaelokan yaiku anane watu kang ukurane beda karo liyane, gedhene ing garis tengahe watara patang meteran. Mula saka iku akeh kang pada gumun yen padha meruhi. Ora mung gumun bae nanging miturut ujare wong akeh watu iku uga watu sabaene, dudu watu kaya lumrahe watu ananging watu kang tumiba saka langit mula kasebut uga “WATU LINTANG”. Ora ana kang meruhi kapann tumibane nanging miturut crita warga sapinggir tengene ora ana kang bisa nyelaki bener lan orane carita kasebut.

 Duk ing dadakan cahya cumlorot padhang banget tumiba saka langit dituju ora liya Sokanegara. Bareng tumiba ing pranyata watu kang gedhene ora lumrah kaya watu sing wis ana ing sakiwa tengene watu iku.

Sanajan wis pirang-pirang taun kahanan watu iku pranyata ora ana owah-owahan tetep isih kaya maune padhang yen wayah wengi. Padhange watu kasebut mula gawe senenge warga ing sakiwa tengene. Desa kono padhang jingglang lan soroting cahaya kang metu saka watu iku katon ari yen disrawang ora mboseni. Mulane akeh wong-wong sakiwa tengene desa iku kang padha merlokake teka saperlu nyawang kaendahane watu iku.

Ananging sawijining wengi cahya maune mencorong wis adhem ora cumlorot babar pisan kaya dene damar ketekan lenga. Amargi ana sing ora seneng karo padhange watu iku, mula sebab iku wong mau pengen mateni cahaya kang watu lintang mau. Wong mau jenege malingguna lan malingsakti.

Bisane dipanggil malingguna yaiku njupuki barange nggone wong sing pelit lan dibagekna marang wong-wong fakir miskin. Nex malingsakti amargi wonk-wonk sakiwa tengene desa iku mranyakani maling iki sing nyirepake padhange watu lintang iku.amrgi padha ora lila menawa kahanan sing gawe seneng lan padhange desa kono wis ora maneh.

Ananging tes kedadeyan guwe wonk-wonk padha sadar yen watu lintang iku ora sirep neng malingguna lan malingsakti nanging kang minagka kanugrahaning Gusti Kang Mrubeng Dumadi desa kang maune padhang jingglang ing tengah wengi bali petneng dedet memeh. Babagan menika jalaran wonk-wonk ora perduli marang wong fakir miskin. Malingguna lan malingsakti njalluki tanggung jawabe kang kliru lan kaluputane. Wonk-wonk kang ditulung mawa barang colongan padha ngrumangsani kliru lan keduwung.




BABAD ASMANIUPUN DESA SERAYU LARANGAN KALIAN SERAYU KARANGANYAR

BABAD ASMANIUPUN DESA SERAYU LARANGAN KALIAN SERAYU KARANGANYAR
    Wonten ing dukuh ing laladan garing sanget wonten setunggal kaluarga ingkang asmanipun Darmakusuma ing garwinipun erawati .pinyambeke teksih keturunan bangsawan. Keluarga meniko ggesangipun keturunan bangsawan. Keluarga meniko mboten nate tukaran . Darmakusuma sanget bijaksana kalian garwonipun. Nopo malih garwonipun siweg ngandut.

    Darmakusuma mriksani garwonipun ketingal gelisah, “nopo ingkang jenengan raosaken ?”  ngendikane sumanten nganti alus erawati jawab” kepripun putra kito lair, nalika laladan niki garing mboten toya kepripun putra kito mengkin ?” kangge penuh semangat ,darmakusuma maringaken pengertian kangge sang garwonipun kalian hibur erawati, supados mboten gelisah.

    Ati darmakusuma kegugah, usahanipun ing pusat toya ing dusun mriksani ngantos dangu mados sumber toya inghkang saged menuhi kebutuhan inggih puniko masak, ngombe, ngumbah .

    Ngraosaken kados niku darmakusma mboten putus asa. Ing kekhusunipun darmakusuma musataken pikiran pun kalian nyuwun bantuanipun. Penyuwunanipun dikabulaken kangge kekhusunipun ijig-ijig wonten tiyang jalwe ingkang asmanipun sabdaita.

    Tiyang jaler meniko maringaken saran supados bayinipun dibekto njawi . kalian puseripun dipotong . darmakkusuma nglaksanaaken perintah, supados tali puser digendong . ijig-ijig mekdal toya saking tempat bayi niku . amargi  kaget trembuni daweh lan mlebet toya niku, toyanipun dados bening darmakkusuma kalian garwonipun terheran-heran.

    Sesampunipun dipriksani tuk meniko wonten kalih, salah setunggalipun memancarderas dipun asmani  “tuk dandanng” ingkang setunggal dipun asmani “ tuk dandang”.

    Trembuni ingkang daweh mniko ndadosaken membet amis . namun toya meniko mboten ngadaih mambet amis kalian tetep bening  amargi meniko dusun niku dipun asmanipun dukuh arus.penyuwunanipun darmakusuma raosaken lega kalianm dipun patingi name ciputat . ciputat dados pemukiman warga . mbah sabdaita raosakenm seneng nempati grito niku. Dipun tanemi 2 wit wringin lan taneman sayuran ingkang subursehingga  tempat niku dipun sebat. “waringin jajar”.

    Aliran toya saking tuk arus ndadosaken lepen ingkang dipun paring name “ lepen arus” kangge dipun manfaataken kalian warga mriku.aliran lepen dipuna arahaken ingkang sebelah kidul kalian keleresan saking arah kidul wonten lepen nglewati alas jati amargi niko kondhang kangge ‘ pejetan’.

    Usaha darmakusuma mbanmgun dibantu dening mbah sabdaita kangge pelepah ron pkrambil gadiing . lemah nuiku dipun gali,pedamelan meniko dipun kerjakaken ngantos mbutuhaken wektu ingkang mbiten sekedik. Akhirnipun llepen meniko rampung lan sipun asmani “susukan pejetan” .

    Mendaki pedamelan sampun dados . darmakkusuma ngraosaken senengng kalian bangga dados e ngraosaken syukur dipun adakaken slametan . bupati purbalingga dipun undang . bupati nyampaikaken pisati inggih puniko : kangge warga mriku “sira rahayu” ingkang artinipun selamat. Tembung meniko dipun tirukalian warga ingkang hadir wonten mriku, ndadosaken “serayu” utawi “sesayu” .

    Selain maringaken semanat bupati purbalingga nyyaranaken supados susukan pejetan kangge sipun manfaataken warga sebelah kidul, warga sebelah lor manfaataken lepan arus. Warga sami nerima saran saking bupati meniko.

    Pepetah utawi larangan ndadosaken kondhang ing warga, susun ing dereng gadah jeneng nuku dipun paring jeneng serayu larangan, serayu tegesipun selamat saking asala kata sira rahayu, larangan /pepeling tegesipun supasos jauhaken larangan ingkang sipun prentah bupati meniko.

    Kemakmuran dusun setayu larangan ndadosaken kecemburuan . sasrakusuma saking warga gung-iling ing dusun serang, nika usahanipun ngingnaken pertempuran/ngrebut wilayah, hal meniko dadosakem persellisihan saseakusuma kalian darmakusuma, perang meniko dipun mennang aken  darmakusuma , maksudipun dasrakusuma mboten terkabul ndadosaken sasrakusuma mundhur    .

    Kemakmuran dipun raosaken warga serayu ndadosaken dangu warfa pun dados kathah. Hal meniko ndadosaken pikiran darmakusuma supados warga tetep sejahtera, tentrem. Darmakusuma kepengin membuka pemukiman ingkang anyar, ing dusun bagian wetan , tugas meniko dipun pasrahaken mbah sabdaita sipun buka dusun anyar meniko lan dusun meniko dipun paring jeneng karanganyar . mbah sabdita kalian warga sesarengan nempati dusun meniko.

    Ngantos hajatan mbah sabdaita teksih trtep bermukim ing serayu karanganyar ,sesampunipun seda jasadipun dimakan aken ing pesarean “BIMA KUNTING”    ing sebekah wetan suitus depok. Sedangkan bekas pemukiman mbah sabdaita ing waringin jajar dipun dadosaken pertapaan ingkang asmanipun pertapaan tungggal wulung.




Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices