ASAL MULA DUSUN SAWANGAN


ASAL MULA DUSUN SAWANGAN

Jaman biyen wonten sawijining dusun Sawangan wonten sumur ingkang dipun jaga dening Mbah Sandung Sawang. Sumur meniko dipun asmani sumur gowok.

Miturut carios tiyang sepuh, sumur meniko dipun damel dening para wali, ingkang ndadosaken desa meniko desa perwalian,inggih menika desa ingkang katah para wali. Wonten malih ingkang asmani desa menika Desa Perdikan, inggih meniko desa ingkang mboten angsal sade beras utawi panganan ingkang dipun damel saking beras.

Wonten desa menika inggih mboten angsal nanggap wayang amargi wonten carios menawi nanggap wayang saged ketekan banjir. Niku salah satunggalipun larangan wonten Desa Sawangan.

Sumur Gowok meniko dados lambangipun desa sawangan, amargi kagolong keramat lan angker utawi serit, wonten sumur menika inggih wonten wit ingkang ageng sanget lan terose wonten makhluk halus ingkang dipun tunggu. Amargi teng tiyang sepuh desa meniko disawang-sawang niku sae lan kangge ngurmati mbah sandung sawang banjur desa niku di asmani desa sawangan, sawangan meniku artinipun desa ingkang disawang ing awang- awang. Dugi saniki Sumur meniko tesih wonten lan tetep terjaga kelestarianipun.




5 Response to "ASAL MULA DUSUN SAWANGAN"

ki2s mengatakan...

Kulo nuwun, apik tulisane, nyong wong sawangan,tapi terus terang rung pernah ngerti asal mula sawangan,ger olih ngerti sumber e sekang endi,salam kenal

D'wi Cinta mengatakan...

Niki kulo sawangan... Sumure teng pundi nggeh???

Ngk wong deso mengatakan...

Katah sumur teng sawangan mbah

NDE mengatakan...

sumure sebelah kanan tikungan..perek ..mushola..lor umah tingkat...banyune manis...

Mas Is mengatakan...

God

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices