BABAGAN LEPEN ARUS Dusun Mipiran


BABAGAN LEPEN ARUS
Dusun Mipiran

Ing dusun Mipiran kecamatan Padamara, kabupaten Purbalingga wonten satunggaling cariyos inggih punika cariyos babagan lepen Arus. Lepen Arus inggih punika salah satunggaling lepen ingkang dados wates dusun Mipiran kalian dusun Karang Jati ingkang sampun mlebet kabupaten Banyumas.

Kacariyos wonten ing jaman penjajahan Belanda kinten-kinten taun 1930-an wonten satunggaling palagan ageng-agengan ing wates dusun Mipiran kalian dusun Kuyukan. Palagan punika mboten namung nglibataken masyarakat dusun Mipiran kalian masyarakat dusun Kuyukan ananging ugi masyarakat dusun sanes kados masyarakat dusun Lumbayu, Karang Jati, Karang Gambas, lan sanes-sanesipun.

Midherek cariyos wonten ing dinten rabu manis taun 1930, Belanda ingkang nggadhahi sarana modern ngawontenaken gempuran ageng-agengan saking sekawan penjuru, inggih punika saking wetan, kidul, kilen lan saking ler. Amargi kaget, masyarakat punika mlajar mados panggenan ingkang aman saking gempuran Belanda tanpa enget dhateng banda dunyanipun. Masyarakat saking sekawan penjuru punika mlajar ngantos dumugi wates dusun Mipiran kalian dusun Kuyukan.

Nanging Belanda ingkang nggadhahi sifat licik, lajeng nyerang masyarakat pribumi punika ngagem sarana ingkang modern. Raos kamanungsan lan nalar dipunlirwakaken, ingkang dipuntengenaken namung raos kebranang. Masyarakat punika mboten alit manahipun, ngagem sarana tradisional andalanipun, inggih punika bambu runcing masyarakat pribumi lajeng nglawan dhateng Belanda. Sedaya wau satunggal ingkang dipungegayuhake inggih punika supados Bangsa Indonesia saged gesang tentrem lan makmur mboten wonten alangan satunggal punapa.

Nanging Gusti Ingkang Maha Agung sampun nemtoake garisipun takdir. Amargi mboten imbangipun sarana ingkang dipunangge, masyarakat pribumi lajeng angsal kekalahan. Kathah masyarakat pribumi ingkang pejah amargi palagan punika, namung satunggal kalih tiyang ingkang slamet. Tiyang ingkang pejah punika lajeng dipunpurugi sanak sadherekipun supados saged dipunsareaken wonten ing pesarean dusunipun piyambak-piyambak. Nanging wonten ugi ingkang sampun mboten gadhah sadherek lajeng dening masyarakat dusun Mipiran dipunsareaken wonten ing pesarean Pule ingkang dados pesarean kaping satunggal wonten ing dusun Mipiran.

Saking kathahipun tiyang ingkang pejah, getih (marus) ingkang medal dados mili dhateng lepen Cirodek ingkang wonten ing dusun Kuyukan punika. Getih (marus) punika ndadosaken toya wonten ing lepen punika abrit, lajeng lepen punika dipunasmani lepen Arus dening masyarakat dusun Mipiran ingkang dipunpendhet saking tembung marus (getih). Nanging lepen Arus namung dumugi wates dusun Kikiran lan salajengipun dipunasmani lepen Caning.

Ngantos dumugi seniki, dipuncariyosake dening tiyang-tiyang sepuh bilih wonten ing lepen Arus kathah peninggalanipun kados dene emas ingkang awujud gelang, kalung, ali-ali, giwang lan sapanunggalipun.




No Response to "BABAGAN LEPEN ARUS Dusun Mipiran"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices