CARIYOS
REDI MUNGGUL
Kacariyos
ing redi Munggul satengah Nusa Jawi wekdal mijil cahya petak manjer
sundhul ing awiyat, nunten nuwuhaken pupundhen ing cahyana.
Ing nalika
jamanipun Sang Prabu Banjaransari jujuluk Prabu Brawijaya Mahesa
Trandaman, Ratu ing pajajaran ingkang kaping II kagungan putra kalih.
Pambajeng nama Adipati Mendhang, ingkang wuragil nama Raden
Mundingsari.
Sasedanipun
ingkang rama, Adipati Mendang gumantos jumeneng nata ing nagari
Pajajaran ajejuluk Prabu Brawijaya mahesa Trandaman.
Nuju
satunggaling dinten Sang Nata mios siniwaka munggeng taruh wangunan
kaadhep ingkang rayi lajeng andhawuhaken pangandika makatan
:”Dimas,ing wektu iki sira bae jumeneng nata ing kene,jalaran aku
wis sinungwikan yen ing wetan bener kana ana cahya,mula bakal dak
upaya “.
Ingkang
rayi nayogyani,sarta lajeng jumeneng nata ajejuluk Prabu
Mundingsari.Adipati Mendhang nuli jengkar saking nagari ,tapa ngarang
ing wukir jambudipa,ing karesidenan Banten,samangke nama Redi
Karang.Gantos asma Pangeran Jambukarang kabekta saking anggenipun
tapa ngarang.
Sajengkaripun
Pangeran Jambukarang mertapa,kacariyos ingkang rayi (Prabu
Mundingsari)kedhawahan pustaka tanpa sastra.Sang nata saklangkung
emeng ing panggalih,enggal siniwaka pepak sagung para punggawa.Sang
Nata lajeng maringaken pustaka kala wau ,kinen amaosaken
gentos-gentos ,nanging satunggal kemawon mboten wonten ingkang saged
nunten wonten satunggaling abdi sepuh nama Juragan Rukmi,munjuk
katur:”Gusti Pustaka punika mboten wonten ingkang saged maos kejawi
namung Raka Dalem.”Sang Prabu paring pangandika :”Yen mangkono
becik kowe sowana marang Kangmas ingkang lagi mertapa ing Gunung
Jambudipa ,aturana kodur dhisik !”Juragan Rukmi sabalika,nuli
budhal.
Dumugi ing
pratapan agahan kadangu dening Sang Pangeran Jambukarang :”Geneya
sira sumusul ?”Aturipun ingkang kadangu :”Gusti,kawula kautus
ingkang rayi dalem Sang Nata ,panjenenganipun dalem kaaturan kondur
rumiyin amargi kalawau dalu rayi dalem kadhawuhan pustaka tanpa
sastra,sanget andadosaken emenging panggalih rayi dalem dene mboten
wonten ingkang saged maos.”Sang Pangeran dhawuh:”Apa ingsun kang
bakal bisa maca ?”
Sanalika
Sang Pangeran jengkar konduring kedhaton.Kacariyos Sang Pangeran
dumugi ing nagari,ingkang rayi kaleres lenggah siniwaka ing ndhampar
gadhing (?)Uninga ingkang raka rawuh,tumuli jengkar saking
palenggahan medal sajawaning tratag methukaken ingkang raka lajeng
kaacaran lenggah.Sesampunipun bage –binage ingkang rayi matur:”Kang
mas,kalawau dalu kulo kedhawahan pustaka nanging aturipun Juragan
Rukmi,tamtu namung Paduka ingkang saged maos “.Ingkang raka
ngendika:”Iya bener atur ira,ingsun bakal bisa maca.”
Sanalika
pustaka lajeng kapundhut dhateng ingkang raka.Saksana ingungkab tinu
piksan ijenen nawala,sing sapa angajawa dhisik bakal dadi Ratu
Pinandhita lan sing sapa temen anemenaken pandhita bakal ora nganggo
tambah maneh.
Sesampunipun
maos nawala sang Pangeran tumuli pamit dhateng ingkang rayi Prabu
Mundingsari ,kinanthi abdi 160 cacahipun badhe nglajengaken
pangupayanipun cahya.Lampahipun Sang Pangeran nrobos samudra mencat
baita saking muara krawang,sadinten sadalu dumugi selat bali ing riku
cahya ketingal ing sisih kilen .Pramila Sang Pangeran muter arah
anggenipun lelayar wangsul nelayar malih dumugi muara
pemalang,sungapanipun lapen Comal ing dusun Jatisari .Sang Pangeran
kendel madhepokan sapunika kateleh Pangeran Gesang (tilas padhepokan
ing satengahing lepen Comal ).
Sareng
sampun sawetawis dangu ,Sang Pangeran jengkar saking riku
nglajengaken anggenipun mbujeng cahya lampahipun manjat ing Redi
Cupu,tumedhak ngetan anjog ing lepen Kuripan manjat malih ing redi
Kraton,tumendhakipun mangidul anjog ing redi Lawet anjog ing
Panusupan.Cahya taksih ketingal iku kidul leres,Sang Pangeran lajeng
mangetan dumugi dhukuh Bojongsana,mangidul urutipun lepen idhung
anjog ing Kedhung Bedhah,mangidul malih anjog ing Kedhung Manggis.Ing
mriku pinanggih tiyang sakurep (tiyang kalih jalu +estri )saweg mayu
kadangu:”Sapa aranira lang dhukuh apa iki arane?”aturipun tiyang
kekalih wau ;” Nami kula kaki Kelun Nini Kelun. Dene dhekah punika
nama dhekah Wanaksimpa”. Sang Pengeran ngendika ;”Ing wektu iki
ingsun elih aranana dhukuh Pasindhangan (samangki dhusun Rajawana).
Tindakipun Sang Pangeran teras mangidul,ugi mangge tiyang
sakurep,kadangu :”Kaki sapa jenengira lan dhukuh iki apa arane
?”aturipun ingkang kadangu :”Nami kula Kaki Monang Nini
Monang,dene dheka punika namidheka Karangarum.”Sang Pangeran ugi
dhawuh,”Saiki ingsun elih,aranana dhukuh Makam amarga wis ana
pasipatanira .”
Sang
Pangeran nerasaken tindakipun mangidul ugi pinanggih tiyang sakurep
kadangu nama Kaki Bongkok Nini Bongkok .Ing ngriku wonten siti
munggul.Sang Pangeran minggah wasana ing ngriku cahya pinanggih,siti
munggul punika ingkang katelah Giri Cahyana (tegeseipun Cahyana
=Cahya pinanggih).Siti panggenan cahya wau lajeng karumat dipun
resiki.Sang Pangeran sawetawis dangun anggenipun bebokor ing mriku
hanengga cahya wau sinigeg ingkang saweg kakuwu.
Gentos
cariyos pangeran Antasangin ing Arab(Syeh Maulana
Maghribi).Sabakdanipun sholat Subuh sinuwikan ing kidul Wetan wonten
cahya manjer pethak sundhul ing ngawiyat.
Sanalika
Sang Pangeran linggar saking Arab, kadherekaken ing Sokhabat 300
cacahipun. Nembe sadinten sadalu anggipun layar, sampun dumugi ing
Muara Gresik (Surabaya). Cahya ketingal ing sisi kidul kilen,
cengkelak baita kaarahaken wangsul dumugi Muara Pemalang. Cahya
ketingal ing kidul leres Sang Pangeran tumunten tedhak saking giyota.
Tindak dharat mangidul leres lampahipun saengga dumugi ing redi
cahyana. Ing ngriku, pinanggih kalian Pangeran Jambukarang. Uluk
salam ngantos kaping tiga, nanging Pangeran Jambukarang kendel
kemawon. Sang Pangeran Atasangin ngendika,“Boya wong iki Buda, dene
sun uluk, salam meneng bae?” Sang Pangeran Jambukarang mangsuli:
“ingsun dudu wong Budha utawa kapir. Ingsun janina linuwih ya nyata
sang Pangeran Atas Angin.” Sira ngaku janma linuwih, apa kang dadi
kaluwihanira?” “Sang Pangeran Jambukarang, kethuningsur bisa
miber.” “Kaosaingsun uga bisa miber, pangandikanipun Pangeran
Atas Angin, ayo gawenen trasandha, endi kang dhuwur mibere, ketara
saka tibane. Yen tihane kethunira katindhinan ing kaos ingsun, sira
nyata lkapir lan bakal sun islamake.’’ “Iya, becik”,
wansulanipun Sang Pangeran Jambukarang.
Sanalika
sang Pangeran Jambukarang ngiberaken kethu Sang Pangeran Atas Angin
nimbangi, ngiberaken kaos. Boben antwis dangu, kethu lan kaos sami
dhawah ing ngarasanipun Pangeran Jambukarang, yektos nawawipun kados
nindhii kethu. Nitik kawontenan pangeran Jambukarang kataros punapa
sampun narimah, aturipun dereng taksih wonten malih kasantikanipun.
Sarujuk ngedhalaken pangawikar malih. Pramila Pangeran Atas Angin
anganjung tigantinata tumpuk menginggil ngantos dumugi ing
awing-awang, nuli Pangeran Atas Angina ken supados tigan kaasta mbaka
satunggal saking ngandhap saengga kantun satunggal anggantunjg ing
awing-awang tanpa canthelan cahya dumeling lin sinasotya. Ewa
samanten piyambakipun dereng narimah ugi Sang Pangeran Atas Angin
sigra angrenteng-renteng kendhi isi toya, ugi katata numpuk
manginggil dumugi ing awing-awang lan ugi kinen mendhet pamendhetipun
dumugi mboten saged. Sang Pangeran Atas Angin ngrucat anjungan kendhi
wau satunggal-satunggal kendhi kaslentik, pecah, toya kantun
anggrantung ing awing-awang tanpa canthelan, mawa cahya dumeling
pindha kencana singaling.
Cariyos ing
nginggil amurwani dumadosipun dhusun Grantung, kabekta saking
panggrantung ipun tiga punapa dene toya ingkang kangge ambabaraken
pangawikanipun pangeran kekalih wau.
Kanthi
makaten Pangeran Jambukarang rumaos katelasan kadogdayan lan
kasantikan saking lingsem ing penggalih nuli murca. Pangeran Atas
Angin kacalan, sidhakep sinuku tunggal, mepati babahan hawa sanga
manekun muja semedi nenuwun ing Allah.
Tinampi
panuwunipun Pangeran Jambukarang muncul ing sapengkeripun katantun,
kepriye saiki apa wis narimahing kalahe serta apa banjur gelem
diislamake. Aturipun kula nuwun inggih sendika ndherek sakersa tuwan
Sang Pangeran Jambukarang cinandhak astanipun kaliyan dhawuh dhateng
sakhobatinipun inggih punika pun khaji Dhatuk andikaken mendhet toya
zam-zam dhateng Mekah.
Sang khaji
Datuk enggal mesat sakedhap netra wangsul kanthi manggul lodhong isi
toya zam-zam. Saksana lajeng katur minangka cecep pamarsa rikmanipun
Pangeran Jambukarang. Toya langkungan ingkang taksih wonten lodhong
kasendhekaken ing wit pupa, lodhong rebah toya wutah dados kubangan
ngantos dumugi sapriki kubangan wau mboten wonten asatipun, ketiga
rendheng toya ajeng kemawon malah kepara dados pamidhangipun
tiyang-tiyang. Ing dinten-dinten Anggaran Kasih (Slasa Kliwon),
Jumuwan Kliwon, kangge adus utawi mendhet toyanipun kangge sarat.
Kacariyos
Sang Pangeran Jambukarang ka kethok kenakanipun, rikmanipun kaparas.
Kethokan kenaka saha rikma kapetak ing ngriku sareng kalayan kawulang
kalimah syahadat kalih. Sareng badhe ketetesan ngelmu sejati gadhah
panuwun pindhah panggenan ingkang sae, sarta matur bilih gadhah siti
luhur inggih punika ing redi Kraton. Sang Pangeran Atas Angin
nayogyani, sanalika pangeran kekalih sami jengkar minggah ing
puncaking redi Kraton wonten ing ngriku Sang Pangeran Jambukarang
kawejangan ilmu sejati. Nalika Pangeran Atas Angin mejang illmu
sejati, tepis wiringing puncak redi kraton sedaya sami ngangkluk
mriku (malah sengga sapriki), sarupaning kumelip punapa dene
thethukulan sedaya sami kendel mboten osik, esthinipun mirengaken.
Puncaking Redi Kraton sacengkal pesagi wradin, resik gumrining.
Kekajengan ing sacengkaling ngriku sami murang, oyod ngacung
manginggil, lung-lung sami manglung mangandhap.
Sabakdanipun
kaislamaken, Sang Pangeran Jambukarang nyipta putra-putra setunggal,
saklangkung endah ing warni kaaturaken dhateng Pangeran Ata Angin
kanthi peparab Sang Dyah Nyahi Rubiyah Bekti wonten emperipun tandha
bekti. Pisungsungipun Pangeran Jambukarang katampi dening Pangeran
Atas Angin, Sang Dyah Nyai Rubiyah bekti kanikah (kagarwa) dene
sirkaniwipun emas timbange Nusa Jawi.
Kacariyos
mboten antawis dangu Pangeran Jambukarang seda kinurmatan dening
Pangeran Atas Angin kunarpa kasareaken ing Giri Lawet.
No Response to "CARIYOS REDI MUNGGUL"