INDRAKILA


INDRAKILA

Indrakila yaiku sawijining pegunungan cilik sing ana ing desa Lamuk,kecamatan Kaligondang. Pegunungan cilik iku nganti saiki esih ana. Sanajan saiki mung kari gumpalan cilik.Ananging kaya dene wit wringin,kemuning,jati,lan tanduran perdu liane tetep ngindahake pegunungan cilik iki. Ngenani wit-witan sing gedhe-gedhe saiki akeh sing wis rubuh sebab dene wis tua. Nganti saiki esih akeh wong sing sejo teka kanggo ngrasaake kaendahan suasana pegunungan cilik iku lan ana sing sejo njaluk pituduh.

Ana ing sikile pegunungan cilik nemoni sumur “Si Krikil”. Ndisit banyu sumur iki bisa kanggo ngobati kabeh penyakit. Ananging saiki kayane wis tambar, mongko mung kanggo adus biasa. Sanajan mangsa terang suwe, banyu sumur iki ora bakal asat.

Cedake sumur iku nemoni sumur “Si Gala-Gala”. Jarene sumur iki nate kanggo adus sawijining celeng (babi alas) sing mujudaken malikan saka Mamangdana. Sapa wonge sing adus ning sumur kono,jarene arep cepet sugih. Ora adoh soko panggonan iku ketemu maneh “Watu Polang” (watu sing rupane ireng putih,ireng putih kaya ula welang).

Ana ing zaman keratin Manik Imantaka, Rajane jenenge Prabu Nirwatakaca. Deweke lagi pitakonan karo Mamangmurka lan Mamangdana. Deweke lagi nyritakna babagan impen wektu mbengi. Ana ing impen iku, warga masyarakat Manik Imantaka sing lagi kena penyakit pageblug bisa mari, umpama Prabu Nirwatakaca mbojo karo Dewi Suprobo. Lara pageblug yaiku umpamane wong kuwi kena wektu esuk sore mati, umpamane kena wektu sore esuk mati. Sateruse Nirwatakaca mrentahake marang patih Mamangmurka lam Mamangdana karo dibarengi abdi yaiku Togog. Mamangmurka supaya lunga maring kahyangan kanggo nenuwun Dewi Suprobo. Mamangdana supaya mateni Begawan Ciptaning sing mujudaken reretu (sing ngalangi) marang Nirwatakaca.

Wong iku kabeh lunga sawise olih nggayaih prentah dhewek-dhewek. Mamangdana ganti rupa dadi sawijining celeng (babi alas) lan terus ngrusak panggonan nenuwun Begawan Ciptaning. Mongko panggonan iku brantakan sebab dene diorak arik neng celeng.

Patih Mamangmurka lunga maring kahyangan kanggo nyuwun Dewi Suprobo arep didadeake garwane Nirwatakaca. Liane iku supaya wargane ora dipasrahake, mongko kedadean sesatron. Sajroning sesatron iki banget mbahayani, sebab dene antara dewa karo Reksasa (buta). Deweke kabeh pada ngandelake kadegdayane, mung wae dewa kalah. Deweke dadi bingung lan wedi.

Sawise kedadean iku, kahyangan dadi rame lan dibarengi rasa wedi. Batara guru lan Narada ngrembug kepriwe carane kanggo ngrampungi kasekten Mamangmurka. Batara Guru mrentahake marang para dewa ngeroyok Mamangmurka, mung dewa kalah maning. Mongko Narada njanjeaken arep ngewehna Dewi Suprobo marang Mamangmurka ananging ora saiki, Nanging supaya ngenteni sewulan maning.

Keraton Pandawa bingung, sebab Raden Janaka/Raden Arjuna wis patang ungsum ninggalake keraton urung balik lan ora ana kabar critane. Teka Batara Surya dene Prabu Kresna lan Werkudara supaya lunga marang kahyangan.Deweke kabeh supaya mateni Mamangmurka lan nyingkirake saka kahyangan. Ngemuti kabeh dewa uwis ora mampu ngadepi kadegdayane.

Ana ing Indrakila Begawan Ciptaning dibatiri neng Punakawan yaiku Semar,Gareng,Petruk,lan Carub (Bagong). Ora suwe maneh, teka Batara Brama lan Narada. Deweke kabeh teka kanggo ngridu Begawan Ciptaning supaya deweke wungu saka petapane. Ananging deweke ora nduwe hasil nangekna. Mongko diprentahake akehe patang puluh widadari kanggo ngridu.

Sawise tekane patang puluh widadari , papate punakawan ganti wujud. Semar dadi kodok,Gareng dadi precil,Petruk dadi cebong,lan Carub (Bagong) dadi tetung. Para widadari sawise teka ana ing petapan ngrasa seneng banget. Deweke kabeh weruh ana ing sekitare nemoni banyu, mongko deweke kabeh terus adus bareng ora anggon-anggon. Sabanjure sawise deweke kabeh teka ing kahyangan, para widadari ndarbeni kabeh. Ing nduwure kedadean iki para dewa dadi bingung. Narada banjur ngabarake bab iki marang Batara Guru.

Ora teduga ana sawijining celeng ngrusak petapan. Batara guru sing wis ngerti celeng kuwi, mongko deweke mbalik wujud dadi Sukma Katon lan rekayasa lagi nguber celeng. Begawan ciptaning sebab dene ngrasa keganggu anggone petapan semedine dirusak,mongko terus mburoni celeng kasebut. Ana ing wektu pada antarane sukma Katon karo Begawan Ciptaning nglepasaken anak panak, nyatane pas karo sing dikarepake. Celeng iku langsung mati gudrah getih. Antarane Sukma Katon karo Begawan Ciptaning pada dene rebutan sing mateni celeng. Deweke kabeh ora ana sing gelem ngalah, mongko ndadeake sesatron. Kanggo ngrampungi sesatron, Begawan Ciptaning nglepasake anak panah. Kasunyatane pas karo sing dikarepake. Sabanjure Sukma Katon ganti rupa dadi Batara Guru. Sawise iku Begawan Ciptaning dijak maring kahyangan.

Satekane ing kahyangan Begawan Ciptaning supaya mateni Mamangmurka lan terus dipateni. Togog belasungkawa sebab dene Mamangdana lan Mamangmurka uwis mati.

Sawise olih kabar dene, Mamangdana lan Mamangmurka uwis mati kabeh, mongko Prabu Nirwatakaca banget jengkel lan arep balas dendam. Akhire Nirwatakaca karo jimat Keong putih sing dadi piandele nantang Begawan Ciptaning. Ananging Nirwatakaca mati dipateni deneng Begawan Ciptaning.

Begawan Ciptaning sebenere Raden Janaka\Raden Mandiki\Raden Arjuna. Sabanjure Batara Guru ngawei buslit utawa serat kanggo ngregani dadi lanang jagat (pria lanang sing perkasa lan paling apik sedunia).



No Response to "INDRAKILA"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices