Sejarah dusun Grantung kec. Karangmoncol

Sejarah dusun Grantung
kec. Karangmoncol

Mula buka salebete ngupadosi cahya kanjeng pangeran jambu karang jajah desu milangkori tumuju dhateng dusun rajawana. piyambekipun lajeg lumampah sisih kidul manggih dusun malih, sasampunipun dumugi cahyanipun taksih nyumlorot wonten sebelah kidul saking mriku piyambekanipun mriksani dusun punika dipun asmani dusun sawangan.

Pangeran jambu karang lajeng lumampah ngliwati pegunungan lajeng piyambekipun nyebrang lepen amargi cahya ingkang dipun kekajngaken sampun caket. Cahya ingkang bersinar inggih meniko manggen wonten abdi alit,milo ardi punika kawastanan ardi cahyana nagantos sapriki.

Sasampunipun ngarso lajeng enggal ngresiki panggenan punika pangeran jambu karang miwiti lenggah nyenyuwun kalih tenggo kapan cahya punikas sirep.wekdal punika pangeran jambu karang saweg nglampahi nyenyuwun kantastanan saweg lampahi anyenyuwun kawastanan priyayi mubaliqh islam saking monco arab ingkang kapinteranipun sampun inggil utawi sampun sampurna.

Kawastanan pangeran antsangin saampunipun sholat subuh ijig-ijig piyambekipun pirsa wonten sisih wetan ketingal cahya saagengsada bersinar tumuju langit.lajeng bidalipun kanjeng sarombong cacah tiyang kalihatus deretaken dhateng wilayah arab dumugi sisih wetan madosi cahya kasebut, satunggal dinten sadalu lumampahipun dumugi rombongan menika wonten wilayah ota gresik jawi wetan.dumudakan pirsa sekitar mriku ceto cahya menika wonten sisih kilen.

Sasampunipun ngaso sawatawis piyambekanipun ngutusaken kangge kudur wilayah kilen wonten pundi cahya sanyatanipun.pungkasanipun rombongan pangeran antasangin tumuju dhateng saking pesisir pemalang dumugi sisih wetan wilayah lepen coml lajeng tumuju dhateng adri cahyana,cahya ingkang mancaraken cahya punika wonten mriku kanjeng pangeran antasangin pinanggihan kalih kanjeng pangeran jambu karang ingkang saweg ngangsu kapinteran.kanjeng pangeran antasangin ngendika salam sacara islam nagantos kaping tigi mboten jawabipun lajeng pangeran antasangin ngendika,“ wonten tiyang ngaturi salam ngantos kaping tigo mboten diwangsuli?” “kula tiyang sekti prabu darmokusumo alias pangeran jambu karang panjenengan sinten?” “kula pangeran antasangin saking monco arab.” wonten perselisihan ageng sampunipun.

Lajeng perselisihan punika pamer keprigelan/kasektenan,dumugi titi wanci pangeran jambu karang tetep pitados dhateng agama hindu.salajengipun pangeran kekalih ngawontenaken rembag(janji) sinten ingkang kawon kedah derekaken.salajengipun pangeran kekalih melahi adu kasekten ketu(tutup sirah)pangeran jambu karang diumbulaken nginggil dados peksi alap-alap pangeran antasangin mbikak kaos lajeng dipun bucal nginggil langkung inggil saking peksi alap-alap wuson nutupi peksi alap-alap salajengopun lajeng dawah wonten ngajenge pangeran jambu karang.kendi pangeran antasangin disuwun pangeran jambu karang diumbulaken ngingil malayang mboten daweh. Kendi kebek tirto zam-zam pangeran antasangin umbulaken kendi kalih krikil, kendinipun daweh siti tapin tirtonipun wutuh rikolo wonten kendi lan gumanting wonten awang-awang.

Tigan sangu pangeran antasangin disuwun pangeran jambu karang lajeng dipun entuk-entuk satunggal dhateng nginggil lajeng tigan meniko mboten daweh.pangeran antasangin pitados jati dirinipun piyambak tigan kapendet satunggal wutah paling ngandhap dumugi paling nginggil ajeg ditilar wonten awang-awang mboten dhaweh nggantung wonten awang-awang mboten wonten nopo-nopone.

Saking adu kasekten keprigelan ilmu kekiyatan menika pangeran jambu karang ngakeni kawon lajeng piyambekanipun sagah/siyap njalani agama islam.banjur pangeran antasangin ngendika,”menawi mangke dusun niki dipun panggeni teng tiyang kathah badhe kula asmani dhusun grantung amargi ningali saking kadadean wau sampun dumugi pungkasan gambung dados grantung asalipun saking gumantung.”
saderengipun pangeran jambu karang dipunislamaken sesampunipun kedah kersa antawisipun siram,cukur remo,netek kuku,lan disuciaken kalih toya zam-zam,remo lan kukunipun dipun pendhem wonten ngriku.patilasan rupi wungkal(asahan pindan)ngantos samenika taksih wonten.sisanipun toya zam-zam ingkang wonten salebeting lodong(bungbung ageng kangge wadah toya) dipun lendehaken wonten wit pura,salajengipun romoh toyanipun dados blumbangan ingkang ngantos sapriki.blumbangan menika mboten nate asah toyanipun minaoso wanci ketiga cekap lami,malah-malah ngantos sapriki kangge kebetahan toya bersih kangge tiyang kathah cususipun tiyang dhusun grantung.





No Response to "Sejarah dusun Grantung kec. Karangmoncol"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices