Asal Usul Dusun Kalikajar Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga


Asal Usul Dusun Kalikajar
Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga

Teng salah sawijining wekdal, wonten tiyang saking Purwareja, ingkang gadaih asma Ki Ageng Mertandaka. Ki Ageng Mertandaka punika seneng mangembara, ansale mangembara mboten piyambekan. Ing wekdal punika Ki Angeng Mertandaka kaliyan rombongane badhe mangembara, nanging dereng ngertos tujuane. Ing salah sawijining ndalu Ki Ageng Mertandaka angsal wangsit saking ngimpi. Wangsitipun inggih punika, Ki Ageng Mertandaka kaliyan rombongan supados mangembara dateng arah ngilen teng alas.
Sesampunipun nampi wangsit, Ki Ageng Mertandaka kaliyan rombongan langsung kesah mangembara dateng ngilen. Sesampunipun mlampah tebih lan sampun pinten-pinten dinten rombonganipun Ki Ageng Mertandaka manggihi alas ingkang teksih rungkud. Teng alas punika Ki Ageng kaliyan rombongan teras mbabad alas kangge panggenan ngaso. Siang ndalu sami myambut damel mbabad alas, mboten ngraosaken sayah. Salebeting ngaso nggene nyambet damel, Ki Ageng Mertandaka lan rombongan nggene lenggah kaliyan jajar utawi jejer kaliyan omong omongan tentang pangembaraanipun.
Kebiyasaan Ki Ageng kaliyan rombongan nggene lenggah jajar, teng panggenan ingkang mbabad alas ndadosaken di asmani Kalijajar, saking tembung kaliyan jajar, lan saniki dados Kalikajar. Salebeting sare Ki Ageng Mertandaka angsal wangsit malih saking ngimpinipun puniko Ki Ageng Mertandaka supados damel dusun ing panggenan punika kaliyan rombongan lan netep teng panggenan ingkang kasilo saking mbabad alas punika, manut wangsite. Teras Ki Ageng Mertandaka ndamel dusun ing mriko lan diasmani dusun Kalikajar.
Sesampunipun dados dusun, dereng wonten sumber toyane. Rombongane Ki Ageng Mertandaka bingung, amargi mboten wonten toya. Samenika Ki Agen Mertandaka saweg mlampah-mlampah teng wilayah dusun,lan manggihi cahaya ingkang padang sanget, teras di caketi teng Ki Ageng, sesampune di tingali, jebule niku cahaya toya ingkang bening lan resik ingkang ngendong utawo kang biasa kasebur belik.Sesampunipun Ki Ageng ngabaraken dateng rombonganipun, supados ngangge toya punika kangge kepreluan sedinten-dinten. Ngantos saniki belik punika teksih dingge ing warga Kalikajar kangge kepreluan sedinten-dinten.
Sesampune netep, Ki Ageng Mertandaka ing dusun Kalikajar punika kathah keturunan, ingkang turun-temurun ngantos seniki. Sebab punika warga dusun Kalikajar, Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga punika di percaya keturunan saking Ki Ageng Mertandaka ingkang saking Purwareja.
Cariyos ing nginggil punika salah setunggalipun cariyos daerah tepate cariyos saking desa Kalikajar. 
 


No Response to "Asal Usul Dusun Kalikajar Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices