ASAL MULA KEDADEAN BANYUMAS

ASAL MULA KEDADEAN BANYUMAS

    Dipun cariosaken Adipati Wirasaba VI, Warga utama I mimpin rakyat kadipaten Wirasaba kanthi arif lan wijaksana. Ingkang nglampahaken pemerintahan, Adipati Wirasaba ndadosaken rakyat kadipaten Wirasaba  gesang gemah ripah lan loh jinawi. Sepeninggalipun Raden Warga utama, Kalungguhanipun dipun gantos.

    Raden Bagus Mangun utawi Raden Joko Semangun putranipun Raden Banyak Sosro. Raden Bagus Mangun lajeng dipun asmani Raden Warga Utama II. Raden Warga Utama II maringaken palempahanipun Kadipaten Wirasaba kangge 4 putranipun. Lajeng Raden Warga Utama II dipun asmani Adipati Mrapat lan 4 daerah menika dipun asmani istilah “Catur tunggal” inggih puniku Purbalingga, Banjarnegara, Cilacap, Lan Banyumas. Asmanipun Banyumas asalipun saking tembung Banyu lan Emas.

    Dipun cariosaken Adipati Mrapat angsal wangsit ingkang nyebataken nalika kalungguhipun dados dumugi putra cucu pramila Adipati Mrapat ndadosaken Palemahan kangge Pusat pemerentahan.

    Palemahan menika ing kilen dusun kejawar, ing dusun menika wonten wit-witan ingkan asmanipun wit tembangan. Ingkan dipun gadeh warni kados emas.

    Kanthi pemikiran saking tiyang ingkang wasis, lajeng Adipati Mrapat mutusaken badhe nglampahaken wangsit menika. Adipati Mrapat lan rakyat lajeng ndamel dusun kangge pusat pemerentahan.

    Nalika rakyat ndamel pusat pemerentahan, wonten kayu ageng kendang ing lepen Serayu ingkang asmanipun “Kayu Emas” saking daerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga.

    Kayu menika ngantos dumugi daerah pembangun,Adipati Mrapat trenyuh lajeng kayu Emas menika dipun pundhut. Lajeng dipun dadosaken kangge saking Balai Si Panji. Amargi menika asmanipun kayu Emas lan kendang ing lepen, dados pusat pemerentahan menika dipun asmani “BANYUMAS”.
Sesampunipun Adipati Mrapat seda, lajeng dipun gantos kaliyan putranipun ingkang turun-temurun inggih puniku : R. Ng. Mertasura I, II, III, R. Ng. Mertayudas lan Saterasipun.



No Response to "ASAL MULA KEDADEAN BANYUMAS"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices