KEDADOSAN LEPEN TAUN TENG DUSUN KARANGGAMBAS

KEDADOSAN LEPEN TAUN
TENG DUSUN KARANGGAMBAS

    Teng sebuah dusun sing letake mmboten tebih saking gunung slamet wonten keunikan alam, menika wonten lepen teng Karanggambas sing ngalir sejrone setaun lan garing setaun niku pula.

    Konon ceritane singriin saking pirang atusan taun sing disit sesepuh dusun menika namine Eyang Sarantaka, beliau berbudi luhur,sabar,seneng hulung, pemurah lan ramah. Eyang Sarantaka disegani teng kabeh warga dusun menika soalipun kepinterane, kathah tiyang sing nyuwun dimarikaken saking penyakite, nyuwun perlindungan, petunjuk urip lan liya-liyane.

    Sawektu dinten teng musim kemarau tiyang – tiyang dusun dusun Karanggambas kekirangan toya, lepen – lepen garing toyane, tiyang – tiyang sami kelabakan terutami sing tinggal teng sisi utara dusun lan sisi tengah dusun sehubungan lepen teng dusun namung wonten lepen ponggawa sing wonten teng sisi timur dusun, lan lepen pelus teng sisi barat, kabehan lepene garing.

    Teng dalem kebingungan menika warga kelingan kalihan sesepuh Eyang Sarantapa warga sepakat nyuwun pitulungane, ngaturaken niate ngarepaken supados mboten kekirangan toya kalihan rairama lan nunjukaken keagungan. Sesampune menika sesepuh niku bersemedi nyuwun petunjuk Sang Pencipta, pirang wekdal hening suasanane tempat niku tiba – tiba mripate Eyang Sarantaka mbuka lindik – lindik, terus matur “ monggo nderek kula “ segeranipun warga ngaturaken Eyang Sarantaka kalih kehitmatan.

    Setibane teng pusat dusun sesepuh menika mandeg “ monggo kita sedaya nyuwun pitulung kaliyan sing Maha Kuasa, supados kita diparingi toya “, mature Eyang Sarantaka sami sembahyang warga lan sesampune sembahyang warga mikir sareng – sareng, sauwise menika Eyang Sarantaka menyat lan tongkate detancapkan maring lemah lindik-lindik wonten kajiban, mendadak sauwise tongkat dicabut metu toyane sing ngalir jernih nuju maring sebelah selatan dusun, pendudukipun sing sedurunge priatin amargi kesulitan toya, saking wektu menika berlimpah toya.

    “Matur nuwun Eyang, matur nuwun”,menika mature saking warga.


No Response to "KEDADOSAN LEPEN TAUN TENG DUSUN KARANGGAMBAS"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices