BABADIPUN DUSUN SINDURAJA


BABADIPUN DUSUN SINDURAJA

    Asal mulanipun Dusun Sinduraja punika dipunwiwiti cariosipun Raden Sindu. Raden Sindu inggih menika patih ing Kerajaan Majapahit. Raden Sindu menika patih ingkang sampun dipunpercaya dening Raja Majapahit lan sampun dados asta tengenipun Raja Majapahit.
Raja Majapahit menika gadhah putra ingkang arupanipun ayu sanget. Kathah tiyang ingkang remen dhumateng Putri raja menika ananging dereng wonten ingkang badhe ndadosaken Putri menika garwanipun.

Mboten kejaba Raden Sindu,    Raden Sindu ugi remen sanget dhumateng Putri Raja menika, ananging Raja Majapahit mboten setuju menawi putranipun dipunremeni dening Raden Sindu. Raden Sindu dipunanggep wantun dhumateng Raja saenggo Raden Sindu dipunlengseraken saking jabatanipun.

    Amargi mboten angsal ngremeni putranipun Raja lan amargi dipunlengseraken saking jabatanipun, Raden Sindu nesu lan gadhah dendem dhumateng Raja Majapahit. Saenggo Raden Sindu gadhah niat badhe nyulik Putri Raja menika lan dipunasta tindhak tebih dhateng mana ingkang mboten dipanggeni.
Lan ndalunipun Raden Sindu datheng ing Kerajaan Majapahit kangge nyulik Putri Raja menika.

Sasampunipun rawuh ing dusun menika,Raden Sindu mangertos bilih Raja Majapahit sampun ngutus pasukanipun supados madosi putranipun lan piyambakipun. Lajeng piyambakipun gantos asmainpun dados Sinduraja supados mboten ketara ing pasukan Majapahit.
Ananging Raden Sindu mboten gadhah yuswa dawa, dereng dangu ing dusun menika piyambakipun seda. Sakderengipun seda, Raden Sindu gadheh wasiat bilih piyambakipun seda wana punika dipunasmani Sinduraja. Lan Raden Sindu disarekake wonten ing punden ing dusun menika.

    Sasampunipun Raden Sindu seda wana punika dipunasmani dusun Sinduraja lan punden menika dipunasmani punden Sindureja ngantos dumugi sakpunika. Lan masyarakat ing dusun Sinduraja percaos bilih ing punden menika, kita saged nyuwun punapa kemawon ingkang kita suwun.




No Response to "BABADIPUN DUSUN SINDURAJA"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices