MULA BUKANE DESA PEPEDAN KECAMATAN KARANGMONCOL

MULA BUKANE DESA PEPEDAN
KECAMATAN KARANGMONCOL

Miturut manuskrip cariyosing Redi Munggul, mbiyen wonten ing bumi Pasundan menika wonten pertapa ingkang linuih katurunan sking Pajajaran yaiku Pangeran Jambu Karang putra Prabu Brawijaya Mahesa Tandreman. Salebeting tapa, Pangeran Jambu Karang menika angsal wangsit. Dene wangsitipun supados mados sumbering cahya. Pangeran Jambu Karang menika teras jengkar saking bumi Pasundan madosi sumbering cahya.

Cahya menika arahipun wonten ing wetan. Pangeran Jambu Karang niku banjur mlampah dumugi pertemuan saking kalih lepen inggih menika lepen karang lan lepen gintung utawi tempuran. Wonten ing lepen niku, Pangeran Jambu Karang nglanjutaken tapanipun. Salebeting tapa, kepanggih tiyang ingkang asma Kiyai Antas Angin. Banjur Pangeran Jambu Karang lan Kiyai Antas Angin pada adu kasektenan.

Ananging adu kasektenan, Pangeran Jambu Karang menika kapeped lan ngakoni bilih kasektenipun luwih unggul Kiyai Antas Angin. Pangeran Jambu Karang ingkang waune dados Raja Sunda ingkang taksih kafir banjur dipun bengat dening Kiyai Antas Angin supados mlebet agama Islam lan dipunjuluki Syeh Jambu Karang.

Saderengipun nglajengaken mlampahipun, Syeh Jambu Karang medal sabda, ing besuk tembe bumi iki tak jenengi Pepedan amargi anggenipun adu kasektenan Syeh Jambu Karang kalah ngantos kapeped.

Nglajeng Syeh Jambu Karang nerusaken mlampahipun dumugi ing Gunung Ardilawet lan ngantos seda wonten ing mriku.




No Response to "MULA BUKANE DESA PEPEDAN KECAMATAN KARANGMONCOL"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices