BABAT ''WATULAWANG'' LAN DESA ''KALAPACUNG ''


BABAT ''WATULAWANG''
LAN DESA ''KALAPACUNG ''

       Rikala jaman semonten , wonten tlatah tanah jawi gesang tiyang ingkang sekti mandraguna , asmanipun Ki Mandrayudha . Ki Mandrayudha gadah pusaka nggih menika “ iket wulung “ , panjenenganipun ugi remen sanget ngagem rasukan ingkang sarwa cemeng . Ki mandrayudha gadhah laku batin lan kanuragan nggih menika puasa wonten dinten senen pon lan kemis pon . Ki Mandrayudha gadhah kakang , asmanipun Ki Mandrawangsa . Ki mandrayudha lan kakangipun gadhah sipat ingkang benten , Ki Mandrayudha , rumaos dados tiyang mboten gadhah remen tulung teng sasomo . Nangimg kakangipun amargi banget sugihe panjenenganipun gadhah sipat gumedhe lan mboten purun nulung lan srawung kaliyan tiyang ingkang drajatipun luwih asor tinimbang panjenenganipun .

Miturut tiyang sepah teng dusun kula , Ki Mandrayudha gadah putri ( asmanipun mboten dipun mangertosi ) ingkang ayunipun kados widodari ngejawantah . Kathah pemuda – pemuda ingkang gadhah gegayuhan saged sumandhing kaliyan putrinipun Ki Mandrayudha .Ananging saupami enten pemudha ingkang badhe nglamar putrinipun Ki Mandrayudha , putrinipun Ki Mandrayudha mesti mboten purun . Ngantos sawijining dinten enten pemuda( asmanipun mboten dipun mangertosi ) ingkang nglamar putrinipun Ki Mandrayudha , amargi Ki Mandrayudha mboten purun putrinipun dipun wastani prawan tuwa , dados Ki Mandrayudha nampi lamaranipun pemudha wau , tanpa paring pangerten dateng putrinipun .

        Nalika paring pangerten dateng putrinipun , putrinipun Ki Mandrayudha kaget lan mboten purun nampi lamaran punika , nanging sasampunipun dipun lirihi dening Ki Mandrayudha , putrinipun purun nampi lamaran punika , nanging kanti syarat . syaratipun nggih punika dipun tanggapaken Tayuban , anggonipun nanggap ngagem dalem ingkang ageng lan miwah .amargi banget tresnanipun Ki Mandrayudha , Ki Mandrayudha nyangguhi syarat punika .

Sawijning dinten , Ki Mandrayudha tindak wonten dalemipun kakangipun, Ki Mandrawangsa , kanti niyat badhe ulem – ulem lan ngampil dalemipun kakange ingkang banget agengipun . sasampunipun wonten dalemipun Ki Mandrawangsa , Ki Mandrayudha sanjang
kakang , kula sowan dalem panjenengan sepindhah kula ajeng silaturahmi , kaping kalih kula ajeng nyuwun dunga restu , kula ajeng nikahaken putri kula ,”
Ooo..... kaya kue . . . . yaya..... kapan kue acarane ?”
mangkin ndalu kakang.................., saupami Gusti maringi kelancaran kula ajeng nanggap tayuban ,”
walahh................wong kere , kemlithak nanggapi tayub apa jagane sanggup ,”
kanti restuning Gusti Allah..............,”
ya........wis bodho – bodhoa ko...................., angger nyong si percaya ora baka dadi.................heh ,”
nggih kula nyuwun pamit kakang ,”
' ya wis , mengko nyong teka mandan sorean ,”

Sasampunipun pamit Ki Mandrayudha mboten langsung kondur , nanging sesigeggan nginggeng saupami Ki Mandrawangsa ajeng budhal . Ngantos sonten Ki Mandrayudha anggonipun ngentosi , sasampunipun Ki Mandrawangsa budhal Ki Mandrayudha langsung ngukebi dalemipun kakange ngagem iket wulungipun lanmbekto dalem wau budhal wonten umahipun medal margi ingkang mboten dipun liwati dening kakangipun .

Ki Mandrawangsa dugi dalemipun Ki Mandrayudha , teras kaget mriksani dalemipun Ki Mandrayudha sami kaliyan dalemipun piyambak
“ iki umah kaya umahku ….....!”nanging Ki Mandrayudha mboten wantun ngendika dumateng Ki Mandrayudha.

Wengi punika acara nikahanipun putrinipun Ki Mandrayudha gayeng sanget ,ngantos enjing . sasampunipun enjing Ki Mandrawangsa pamit kondur , sasampunipun Ki Mandrawangsa pamit ,Ki Mandrayudha lajeng ngungkebi dalem gedong wau ngagem iket wulungipun , teras mbekta dalem punika teng panggenan asalipun . amargi wekdalipun sampun mepet , Ki Mandrayudha wedi saupami anggonipun mbekta dalem punika kewenangan teng tiyang sanes lan teng Ki Mandrawangsa dados anggenipun mbekta kanti mlayu – mlayu.

Ing sawijining grumbul lawangipun dalem punika daweh , nanging Ki Mandrayudha mboten ngertos saupami lawangipun daweh. Sasampunipun Ki Mandrayudha dugi panggenan asalipun dalem punika Ki Mandrayudha teras njublegaken dalem punika kados waunipun , lajeng kesah saking mriku . Mboten ndangu , Ki Mandrawangsa dugi dalemipun , Ki Mandrawangsa kaget lawangipun dalemipun mboten enten , lajeng Ki Mandrawangsa ngutus dumateng gandhek supados madosi lawang ingkang ical . Gandhek punik nepangi teng sawijining grumbul enten lawang kang njubleg , lajeng gandhek punika paring pirsa dumateng Ki Mandrawangsa .Ki Mandrawangsa mriksani lawang punika ,” Loooooooo……………… kiye bener lawange nyong , ayo cepet nduduk lawange !” Ki Mandrawangsa ngutus gandhekipun supados nduduk lawang punika. Nalika nduduk lawang punika , pacul ingka dipun agem kangge ngeduk lawang wau gowang , sahingga lawang punika mboten saged dipunpendhet ngantos saniki.

Saniki grumbul ingkang enten lawangipun punika dipun wastani “WATULAWANG” amargi enten lawang njubleg ingkang rupanipun kados watu . Lan desa mriku dipun wastani desa “KALAPACUNG” saking tembung “KALAH” lan “PACUL”. Wonten desanipun Kula nggih menika desa Tangkisan , panggenan asalipun Ki Mandrayudha enten pepaling nggih punika , mboten kenging ngagem iket wulung lan ageman ingkang sarwa cemeng , ugi mboten kenging puasa wonten dinten senen pon lan kemis pon , amargi sedaya wau ageman ingkang dipun remeni teng Ki Mandrayudha lan puasa wau , puasa lakunipun Ki Mandrayudha , sahingga mboten kenging enten ingkang tiru . 

 


No Response to "BABAT ''WATULAWANG'' LAN DESA ''KALAPACUNG ''"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices