Babading Dusun Kalikajar Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga Dening : Maria Ulfah XI AP 2



Babading Dusun Kalikajar
Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga

Ing salah sawijining wekdal, wonten tiyang saking Purwareja, ingkang nggadaih asma Ki Ageng Mertandaka. Ki Ageng Mertandaka punika seneng mangembara, nggene mangembara mboten dewekan, nanging kaliyan rombongan. Teng wekdal punika Ki Angeng Mertandaka kaliyan rombongane badhe mangembara, nanging dereng nertos tujuane. Teng salah sawijining ndalu Ki Ageng Mertandaka nampi wangsit saking ngimpi. Wangsitipun inggih punika, Ki Ageng Mertandaka kaliyan rombongan ken mangembara marang arah ngilen teras, nagntos menangi alas.

Sesampune nampi wangsit, Ki Ageng Mertandaka kaliyan rombongan langsung mangkat mangembara marang arah ngilen, manut kaliyan wangsit ingkang di tampi teng Ki Ageng Mertandaka. Sesampune mlampah tebih lan sampun pinten – pinten dinten rombongane Ki Ageng Mertandaka menangi alas ingkang teksih rungkud. Teng alas punika Ki Ageng kaliyan rombongan teras mbabad alas kangge panggenan ngaso sedela. Siang ndalu sami myambut damel mbabad alas, mboten ngraosaken sayah. Barang ngaso nggene nyambet damel, Ki Ageng Mertandaka lan rombongan nggene lenggah kaliyan jajar utawi jejer.

Sakaing kebiyasaan Ki Ageng kaliyan rombongan nggene lenggah jajar, teng panggenan ingkang mbabad alas punika di jenengi Kalijajar, saking tembung kaliyan jajar, lan seniki dados Kalikajar. Ingkang seg tilem, Ki Ageng Mertandaka nampi wangsit malih saking ngimpi. Wangsite inggih punika, Ki Ageng Mertandaka ken damel dusun teng panggenan punika kaliyan rombongan lan kennetep teng panggenan ingkang kaasilo saking mbabad alas punika, manut wangsite. Teras Ki Ageng Mertandaka ndamel dusun teng mriko lan diasmani dusun Kalikajar.

Sesampune dados dusun, dereng wonten sumber toyane. Rombongane Ki Ageng mertandaka sampun bingung, amargi mboten wonten toya. Samenika Ki Agen Mertandaka saweg mlampah – mlampah teng wilayah dusun, teras menangi cahaya ingkang padang banget, teras dipereki teng Ki Ageng, sesampune di pirsani, jebule niku cahaya toya ingkang bening lan resik banget ingkang ngendong ( belik).Teras Ki Ageng ngabaraken marang marang liyane, ken ngangge ngge kepreluan sedinten – dinten. Ngantos senika belik niku teksih dingge teng warga Kalikajar ingkang perek kaliyan belik punika, kangge kepreluan sedinten – dinten.

Sesampune netep, Ki Ageng Mertandaka teng dusun Kalikajar punika kathah keturunan, ingkang turun – temurun ngantos seniki. Sebab punika warga dusun Kalikajar, Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga punika di percaya keturunan saking Ki Ageng Mertandaka ingkang saking Purwareja.



No Response to "Babading Dusun Kalikajar Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga Dening : Maria Ulfah XI AP 2"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices