PUTRI AYU LIMBASARI

PUTRI AYU LIMBASARI

Ing jaman menika wonten sawijining desa ingkang dijeegi desa “NIMBASARI”. Ing desa Nimbasari wonten sawijinig padepokan ingkang dipimpin dating Syeh Gandiwasi. Gandiwasi duweni bojo ingkang name Nyi Gandiwasi. Tresno Menika anggawe putra ingkang name Ktut Wlingi. Ketut Wlingi nduweni bojo ingkang nami Siti Rumbiyah. Lajeng sajodo menika diparingi putra ingkang bagus lan putri ingkang ayu, ingkang diparingi nami Wlingi Kusuma lan Diah Wasiati.

Ing sawijining dinten para pendiri padepokan Nimbasari ngrembug rencana pembangunan irigasi kanggo tetanen lan nyukupi banyu bersih kanggo warga padepokan. Banjur enten pinemu saking Ktut Wlingi yaiku ngajak kabeh warga sing sehat lanang wadon, tua enom bareng-bareng nyambut gawe gugur gunung supados enggale rampung. Kacaritos wekdal mbangun irigasi menika Patrawangsa tiba marang kedung lan paloya lan kanggo pepemut mbesuk nek ana rejaning jaman panggonan kene di arani “Patrawisa” lan saluran iki uga diparingi tetember “Kali Wlingi”.

Sauwise irigasi dadi padepokan Nimbasari sangsaya maju, akeh para murid sing padha teka nimba ilmu ana ing Nimbasari. Lajeng sawijining dinten menika Gandiwasi nyuwun pamit arep bakal nerusake kewajibane nyiarake agama islam ing tlatah Mataram lan pimpinan padepokan diserahake marang Ktut Wlingi.

Pirang taun wis kaliwat, banjur Dyah Wasiati gedhe dadi prawan ingkang ayune langka sing nandingi. Banjur akeh para bupati sing saperlu nglamar Dyah Wasiati dadi Garwane para bupati. Bupati menika saking Pinisihan, Beji, Sawangan, lan Bandingan. Sauwise kui Ktut Wlingi mikir kepriwe ana 4 bupati anduweni sedya nglamar anake yaiku Dyah Wasiati. Umpamane nampa salah sijine bupati mesti sing 3 bakal kuciwa, umpamane ditolak kepriwe. Banjur Wlingi Kusuma nduweni pinemu yen nentukaken sinten ingkang dados sisihanipun Dyah Wasiati, yaiku nganggo cara diwontenaken sayembara,sing menang perang tanding saged dados sisihanipun Dyah Wasiati. Dyah Wasiati satuju anggone pinemu kangmas Wlingi Kusuma. Para bupati uga satuju, banjur disediaken panggonan lan aturan supaya ora keleru.

Para bupati maju siji-siji perang tanding mungsuh Wlingi Kusuma. Nanging kabeh para bupati kalah. Para bupati mboten ikhlas menawa kekalahane, banjur nyuwun wektu sawetara kanggo ngimpun kekuatan lan strategi ben bisa ngalahake Wlingi Kusuma. Patemon menika dientenaken ing desa Penisihan, lan anduweni kesepakatan kanggo curang, ngroyok Wlingi Kusuma. Esuk dinten para bupati balik maning marang papan panggonan kanggo sayembara. Sadurunge Wlingi Kusuma siap tanding, kalima bupati maju nyerang lan mbinasaaken Wlingi Kusuma, banjur terus dimutilasi. Saben bupati njupuk tugelan awake Wlingi Kusuma kasebut ing daerah piambak-piambak. Amargi para bupati-bupati menika wedi yen tugelan awak menika nyambung lan urip maning.
  • Bupati Beji nggawa kemaluan Wlingi Kusuma lan dikubur ing pinggir kali laban, anggon menika diwenehi nami Candi Sikontol
  • Bupati Bandingan nggawa sikil Wlingi Kusuma lan ngubur ing daerah Bukit sadurunge desa Bandingan
  • Bupati Pinisihan nggawa gembung utawa awak, lan dikubur ing ngisor Bukit Beser, saiki kasebut Palumbungan
  • Bupati Sawangan nggawa sirahe Wlingi Kusuma, lan ngubur ing daerah Tlahab Kidul, saiki kasebut Candi Siregol
Kaluarga Ktut Wlingi saweg tetangis, amargi Wlingi Kusuma dipateni karo cara mutilasi. Para bupati balik marang padepokan Nimbasari arep njalok keputusan sapa sing dadi kakunge Dyah Wasiati amargi wong siji ora bisa dibagi 4. Banjur Dyah Wasiati anduweni pinemu yaiku badhe anggadhani panyuwunan dhumateng para bupati yaiku kanthi tapa mendem 7 dinten 7 dalu, Dyah Wasiati nyuwun kuburane mangke dipun paringi bambu kangge napas lan diparingi benang kangge tetenger menawi mangke benang katarik saking nginggil awrat punika tanda menawi ingkan Dyah Wasiati dereng pikantuk pituduh saking Gusti Allah,lan menawi benang katarik kraos enten menika pratela menawi ingkang Dyah Wasiati sampun pikantuk pituduh utawa wangsit saking Allah lan Dyah Wasiati nyuwun enggal dipun duduk kubur Dyah Wasiati.

Banjur Dyah Wasiati badhe milih sinten ingkang dados jodo. Ktut Wlingi lan Siti Rumbyah satuju lan para bupati uga satuju, banjur para bupati anggawe luwang kangge semedi Dyah Wasiati. Sauwise luwang dadi, banjur Dyah Wasiati mlebu ing luwang utawa kubur. Banjur para bupati lan wong tuane Dyah Wasiati nunggu ing saubenge luwang. 
 
Pitung dinten sauwise kue, sauwise yakin menawi Dyah Wasiati wis oleh wangsit, mula kuburane dibukak. Nanging kagete para bupati lang wong tuane Dyah Wasiati ndeleng kedadean menika, amargi Dyah Wasiati sampun seda. Para bupati nangis lang nyuwun ngapura marang wong tuane Dyah Wasiati, banjur Ktut Wlingi ngomong “yen ana wong wadon sing ayu lan anduweni rambut dhawa lurus uripe ora bakal suwe”.




No Response to "PUTRI AYU LIMBASARI"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices