LEGENDA GOA LAWA

LEGENDA GOA LAWA

Menurut ceritane rakyat Desa Siwarak, Kecamatan Karangreja Kabupaten Purbalingga, Goa Lawa nduweni cerita dhewk kang ana hubungane karo kedadeane jenenging Desa Siwarak.

Ceritane ana ing Agama Islam wiwit angrembaka ing Pulau Jawa, mangka ing Hatah Banyumas iki ana mubaligh loro karo santri lorone sing dhuweni gedibahan ngembangake Agama Islam, wong iku jenenge Akhmad lan Mohamad sing kakang adhi karo Bangas lan Bangis. Sing dhuwe gedibahan nyebarake Agama Islam dheweke ngadhepi tantangan sing keras saka kerajaan Majapahit. Sawijining panglima diwenehi tugas supaya ngalang – ngalangi Agama Islam, yaiku : Ki Sutaraga, sajeroning tugase Ki Sutaraga wis keleksana anggone ngalang – ngalangi Agama Islam sehenggo kanggo ngadhepi Ki Sutaraga iku,Akhman lan Mohamad kepeksa mundur. Ora dinyana – nyana ngumpet ing sajeroning Goa Lawa kanggo nyenyuwun pituduh marang pengerankang sawiji kepriwe carane bisa nyelamatake awake dhewek kanggo mbanjurake tugas – tugase.

Ana sajeroning ketenangan, wong loro kakang adhi oleh wangsit saka pangeran ingkang sawiji, supaya wong loro iku ganti jeneng yaiku Akhmad diganti Taruno lan Mohamad diganti Taruni. Sawise ganti jeneng dheweke wong loro metu sekang goa.

Durung suwe anggone wong loro iku mlaku, di adhang dening wong gagah prakoso sing ora liya Ki Sutaraga yaiku senopati Majapahit, wektu loro iku di takoni deneng Ki Sutaraga, apa wong iku weruh Ahmad lan Mohamad, moko karo akal sing pinter dheweke njawab, yen dheweke sering weruh Akhmad lan Mohamad. Nanging rong dina sing kepungkur wong loro iku mati dipangan macan telu. Dadi sawijining keuntungan yen Ki Sutaraga iku durung ngerteni sadurunge marang Akhmad lan Mohamad. Mulane apa sing dicritake wong loro mau dipercaya Ki Sutaraga. Terus ben Ki Sutaraga aweh ngerti marang pasukane menawa wong loro sing di uber – uber mau wis mati di pangan macan. Padha surak – surak para prajurit Majapahit mau karo alok – alok,”Akhmad lan Mohamad mati ! Akhmad lan Mohamad Mati !!!....”

Sedeng wong loro sing dikabarake mati iku, kanthi aman ora ana ganguan, wong loro mau ninggalake para prajurit Majapahit muju ngalor kanggo nerusake kang nyiaraken Agama Islam.

Nanging sorak – sorak pasukan kerajaan Majapahit punika keprungu uga Bagus lan Bangis sing dadi pengikute Akhmad lan Mohamad.

Wong loro iku kepengin nuntut bales terus nemoni Ki Sutaraga senopati sing sekti pilih tandhing. Ing pilih tandhing iku, Bangas lan Bangis nantang Ki Sutaraga perang tandhing.
Nanging Ki Sutaraga sing kejaba sakti uga waskito iku ora nanggepi tantangane Bangas lan Bangis. Sikape Ki Sutaraga gawe Bangas lan Bangis dadi penasaran lan kanthi rasa jengkel wong loro mau nyerng Ki Sutaraga weruh gelagat sing ora becik iku Ki Sutaraga mung malang kandhakkaro ngucap mawi suara sing gemuruh Gulung gemulung :

Hei kowe Bangas lan Bangis ! kowe sakeloron iku wong – wong sing ora ngrumangsani tingkah lakumu kaya kewan bae”
Mengkonolah mawi kasekten ucapan Ki Sutaraga ndadak sontak Bangas lan Bangis malih rupa sifat lan wujude dadi hewan warak loro. Weruh kedadean iku prajurit majapahit pada aruh – aruh.
warak ! warak !!!...”

Akhire sawise Ki Sutaraga wis tentrem atine, prajurit – prajurite sing bengok – bengok iku dikumpulake karo dijaluki kasaksean mareng ucapane

Hei prajurit – prajurit kabeh ! Ngurngokna lan seksenono sebab kedadean sing tumiba marang wong loro mau yaiku Bangas lan Bangis sing tindhake lan ulahe wis malik wujud dadi warak. Mengko supaya kowe kabeh sing dadi seksi ing dina mbesuke menawa alas iki bisa tuwuh dadi pedesaan. Mengko desa kesebut aku jenengi Desa Siwarak ! “
mengkonolah crita Goa Lawa sing wis nylametake Akhmad lan Mohamad sekang kawitane kedadian sing aweh jeneng Desa Siwarak.




2 Response to "LEGENDA GOA LAWA"

Sugeng mengatakan...

Aku Wong Siwarak.. matur nuwun

Unknown mengatakan...

Ini bahasa banyumasan?

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices