Babading Desa Talagening Kecamatan Bobotsari

Babading Desa Talagening
Kecamatan Bobotsari


Ing jaman tepangipun agami budha mbiyen, wonten ing papan lembah gunung sidingklik wonten tiyang ingkang nyiaraken agami islam asmanipun chotibul ali. Ing jaman budha saweg majeng-majengipun chotibul ali sami tetep nyakini ajaran ingkang dianutipun inggih meniko ajaran islam. Kasiaripun ngantos menyang dusun-dusun sanesipun, dene chotibul ahli dados penyebar agami Allah, inggih meniko agami islam. Kathah tiyang ingkang tumut saking njawi daerah. Chotibul ali piyambak sebenere sanis tiyang asli saking laladan lembah sidingklik. Kasunyatanipun tiyang meniko tiyang saking dusun Sikasur kabupaten Pemalang. Piyambeke sampun dangu ing dusun mriku kalian anak lan garwane. Kakange, ki nalaita, mireng adine sampun sukses anggene nyiaraken agami islam ing lembah sidingklik, lajeng piyambeke nusul ingkang gadeh maksud kepengin ngrewangi. Kasunyatanipun sawise gutul ing mriku, chotibul ali saweg ing bahaya ngadepi mungsuh saking tiyang – tiyang budha. Tiyang – tiyang budha mboten remen wontenipun agami islam mlebet ing laladan kasebut. Ki nalaita nyuwun pitunjuk marang gusti Allah supados diparingi pitulungan dene piyambeke kalian adine gadhah tujuan ingkang mulia sanget, inggih meniko kepengin nyebaraken agami islam. Ki nalaita semedi ing perek tuk pulanggeni. Ing papan mriku pancen ngantos saniki taksih dikramatake. Ing wekdal meniko tuk pulanggeni teksih dados kebon ingkang angel ditembus manungsa ngantos papan mriku. Sebab ki nalaita mantep sanget kangge mbelani adine lan kangge mbelani agami suci, kados napa angele piyambeke tetep usaha semedi ing papan mriku. Wonten wengi kaping kawan dasa wonten sinar karemenan saking ingkang maha kuasa. Piyambeke angsal wangsit dene kudu nggabung kalian pendekar putri ingkang saweg madepokaken ing candi supit urang. Piyambeke pendekar putri ulung inggih meniko dewi rantan sari. Piyambeke penyiar agami islam. Sebabe sekedap malih kawontenan mungsuh saking tiyang –tiyang budha saking ngaler.

Saking dukanipun chotibul ali ngadepi masalah ingkang werna-werna. Teka ki Nalaita ngutaraken sedaya peristiwa ingkang dipun alami banjur ngomong “ aja kewatir chotibul Ali, aku wis olih wangsit sekang gusti Alloh, dene dewek kudu gabung karo pendekar putri ingkang asmanipun Dewi rantan sari, ingkang saweg madepokaken ing Candi supit urang”. Chotibul ali dados sumringah krungu omongan saking kakange. Ing sawijining dinten, tepat dinten setu pahing katekanan mungsuh saking ngaler. Sadurunge tekan sampun ketingal benderane. Ki Nalaita kaliyan adine Chotibul ali, kalih Dewi rantan sari mboten mendel mawon. Piyambeke kabeh di rewangi sedaya wadiyabalane siap njemput saking candi Pulanggeni. Kasunyatanipun tepat dinten setu pahing ketekan mungsuh. Padudon mboten saged di tinggalna lan kathah korban saking kalih pihak. Sebabe dinten setu pahing di kramataken dening tiyang-tiyang laladan kasebut. Mboten angsal lelungan ing dinten setu pahing. Amargi menawi di langar mesti badhe nemahi kacilakan. Kasunyatane mungsuh saged di kalahake ngantos saniki taksih wonten paninggalane inggih punika gunung proyek lan gunung sambeng.

Prajurit mungsuh ingkang seda dipun sarekaken ing candi proyek lan prajurit kita ingkang seda di sarekaken ing candi gunung sambeng. Papan punika ngantos saniki taksih dikramataken. Gunung sambeng pancen papan ingkang medeni sanget, kaliyan wit-witan ingkang ageng-ageng. Saged dipun wastani papan ingkang angel di ambahi manungsa. Ing gunung sambeng wonten jaran lanang ingkang saged mabur, inggih meniko arane jaran sembrani. 
 
Cariyosipun jaran kasebut saged mabur ngantos ing desa sebelahe inggih meniko dusun karang klesem. Sebabe ngantos saniki tiyang karang klesem menawi ngopeni jaran wadon ngantos meteng gadhah anak jaran lanang bahaya sanget. Anak jaran kasebut saged mabur supados jaran sembrani ingkang manggon ing gunung sambeng. Ngantos saniki tlapak sikil jaran sembrani kasebut teksih wonten bekase ing watu ageng lan anehe bekas tlapak sikil jaran kasebut medal banyune. Papan kasebut saben dinten jumat kliwon ngantos saniki dados papan ziarah para dalang lan penari jaran kepang.

Semanten cariyos babadan dusun Talagening saking tembung telaga gending. Disebataken telaga gending amargi asal mulane badhe damel telaga ing tlagayasa lan ing mriku dados papan kangge musyawarah antarane ki nalaita, chotibul ali lan dewi rantan sari.




No Response to "Babading Desa Talagening Kecamatan Bobotsari"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices