KI SUTAMENGGALA TIYANG SEKTEN SAKING TEGAL PINGEN

KI SUTAMENGGALA TIYANG SEKTEN SAKING TEGAL PINGEN

     Ing panggenan ingkang kawontenan ing wetan kabupaten Purbalingga , gesangipung jaler estri namanipun Ki Tegal lan Ni Pingen,  sekaliyanipun dipun anggep tokoh masyarakat sepanggenan. Masyarakat sanget miturut marang sedaya nasehat lan kengken ingkang dipun tentoaken dening jaler estri kasebut. Sedoso-doso ungsung masyarakat sepanggenan gesang ing pengaruhipun. Kahananipun dusun kasebut aman lan tentram.

     Serampungipun ki Tegal lan Ni Pingen seda, namanipun diabadikaken dados nami dusun kasebut. Saniki dusun kasebut kondang ingkang nami dusun Tegal Pingen. Dusun Tegal pingen inggih punika ing kecamatan  Pengadegan. Kinten-kinten gangsal welas kilometer saking kota Purbalingga.

     Miturut cariyos , sesampunipun ki Tegal lan Ni Pingen seda, kepemimpinan dusun dipun lajengaken dening ki Singayuda, keponakanipun. Ki Singayuda kagungan putri kalih naminipun Surawati lan Sekar Kinasih. Surawati dipun sunting dening ki Arasantaka lan Sekar Kinasih dipun sunting dening Ki Sutamenggala.

     Cariyos, kedadosan perang Biting ing dusun Kaligondang. Ki Singayuda dipun suwun tulung dening Raden Kolopaking, tumutanipun pangeran Diponegoro Ki Singayuda mboten kaweratan, dikengkenipun mantunipun inggih punika Ki Arasantaka. Dipun trima kengken kasebut, Ki Arasantaka kaweratan kangge nglaksanakakenipun. Ki Singayuda maklum. Lajengipun didawuhi Ki Sutamenggala. Ki Sutamenggala mboten kaweratan kangge nglaksanakaken kengken saking mertuanipun, nanging kaliyan setunggal persyaratan, inggih punika Ki Sutamenggala dipun restui saderengipun pangkat perang, Ki Sutamenggala semedi salami 40 dinten. Ki Singayuda ngrestuni. Pangkatipun Ki Sutamenggala dhateng panggenan ingkang sampun direncanakaken, inggih punika ing kedung mrunggi Lepen Gintung. Dateng mriko, konon Ki Sutamenggala semedi wonten lebet toya salami 40 dinten.

      Sesampunipun semedi Ki Sutamenggala ngendangaken piyambek tumutipun arus toya lepen gintung. Ki Sutamenggala katembe kendel ing kedung marang, ing pinggir dusun Tegal Pingen. Ing panggenan kasebut kepanggih kaliyan Ki Subandi, inggih punika empu padamel keris. Ki Sutamenggala pesen satunggal keris, inggih punika nyuwun lekukanipun keris ingkang badhe didamel sekathah lekukanipun sawer ingkang dhateng ditingalipun. Empu Subandi ngetung lekukan sawer kasebut, nyatanipun wonten 7 lekukan.

      Sesampunipun sampun nyuwun doa restu saking sang mertua, Ki Sutamenggala pangkat perang. Panggenan perang ing tanjakan Sabuk, Kaligondang. Mengsah dipun ajengi inggih punika gentong lotong utawi gentong kalakacung. Ing peperangan punika ki Sutamenggala menang. Wekdal punika saweg peperang, Ki Arasantaka mundut keris ingkang kagungan Ki Sutamenggala. Wekdal Ki Sutamenggala kondur kaget amargi kerisipun mboten enten ingkang wonten wrangkanipun. Ki Sutamenggala mados dhateng Ki Arasantaka, nanging Ki Arasantaka sampun nilaraken Tegal Pingen tindak dhateng Purbalingga lan mboten lampahi dhateng siweg. Selajengipun Ki Sutamenggala tindak dhateng Tegal. Amargi miturut wara-wara keris kasebut dibekto dhateng Tegal Randu, kradenan ing Tegal.

      Ingkang dinten punika Ki Sutamenggala wonten ing wande kangge ngunjuk sesampunipun nglakokaken pelampahan ingkang gadheh wande cariyos, sedaya kaluwarganipun saniki gerah. Ki Sutamenggala dipun suwun supados ngobati.

      Ingkang gadheh wande badhe maringi sepalih artonipun, menawi enten tiyang ingkang saged ngobati sedaya kaluwarganipun, nanging Ki Sutamenggala nanggepi anyes amargi mboten saweg mados harta nanging keris. Amargi punika Ki Sutamenggala tangled keris dening kagungan wande punika kangge ngobati kaluwarganipun.

      Ingkang gadheh wande punika mundut keris ingkang disimpenipun, selajengipun dipun supakaken dening Ki Sutamenggala. Kalih cara piyambek, Ki Sutamenggala ngobati ingkang gerah. Kaliyan pitulungan Gusti Allah kaluwarganipun mantun. Ingkang kagungan wande sanget seneng, lajeng masrahaken sepalih artanipun, nanging Ki Sutamenggala nolak. Kasunyatanipun Ki Sutamenggala namung nyuwun keris dhateng ingkang gadheh wande kasebut.

      Ingkang kagungan wande mboten kaweratan, diparingaken keris punika dhateng Ki Sutamenggala. Ki Sutamenggala nampi lan seneng, piyambekipun ngertos dhene keris punika ingkang salami niki dipadosi. Dening Ki Sutamenggala keris lajeng dilebetaken dhateng wrangkanipun. Ingkang kagungan wande punika kaget ningali kedadosan kasebut. Ki Sutamenggala lajeng nyelipaken teng gegeripun. Ing wekdal punika Ki Sutamenggala mireng ing pesisir ngaler ajeng diwontenaken adu kesakten. Ki Sutamenggala ngraos kapencut, Ki Sutamenggala lajeng numuti kagiyatan kasebut.

          Nanging kedhatenganipun Ki Sutamenggala mboten ditampi ingkang sae dening para botoh amargi sandanganipun mboten sae, nanging Ki Sutamenggala narohaken junggunipun kangge di tugel menawi kalah ing adu kesakten. Kasunyatan para botoh kepencut dhateng wicaranipun Ki Sutamenggala. Ki Sutamenggala nampi restu kangge numuti adu kesakten lan diparingi kasempatan pertama.  

    Adu kesakten diwiwiti, Ki Sutamenggala nampakaken kesaktenanipun. Para tandingan sami kalah. Wekdal pertandingan pertama rampung lan dimenangaken dening Ki Sutamenggala. Suasana leres dados benten. Sedaya tiyang sakti ngrempug kangge ngalahaken Ki Sutamenggala. Caranipun ndamel gulungan tebu suyun ingkang wonten selanipun. Ki Sutamenggala dikengken nyobi nugel tebu kasebut. Kaliyan tenang Ki Sutamenggala nugel tebu suyun lan dados kalih. Selajengipun tebu suyun niku lajeng tugel dening Ki Sutamenggala.

      Sedaya para tokoh lan tiyang-tiyang sekten kaget ningali kedadosan kasebut, sedaya tiyang ngakui kesakten Ki Sutamenggala ingkang saking Tegal Pingen, kabupaten Purbalingga, karesidenan Banyumas.





1 Response to "KI SUTAMENGGALA TIYANG SEKTEN SAKING TEGAL PINGEN"

gondhoarum mengatakan...

Nuwun sewu mas, wah kula remen sanget maos carita niki,mbok bilih panjenengan kersa tepang kalh kula..hehe ngantos mrinding maos cerita ingkang ngedab edabi punika

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices