ASAL USUL DESA CANDIWULAN

ASAL USUL DESA CANDIWULAN
( DESA CANDIWULAN Kec. KUTASARI )

Soloboyo Parikesit utawa Soloboyo aran panggilane, yaiku putra tunggal saking Nyai Ratawalu lan Ki Parikesit. Diarani Soloboyo amargi wong tuane asalipun saking solo lan Surabaya, digabung dadine Soloboyo.

Umure Soloboyo wis genep 30 taun, nanging Soloboyo urungan duwe bojo. Para tiyang estri ing desanipun Soloboyo mboten purun kawin kalih Soloboyo amargi Soloboyo saking keluwarga ingkang sederhana sanget dados para estri wedhi Soloboyo mboten saged maringi sandang, pangan, pangan, lan papan. Soloboyo mutusaken berkelana menyang luwar desa kangge pados bojo sing saged nerima Soloboyo nopo wontene.

Soloboyo terus pados usaha lan dunga marang gusti Allah supados angsal bojo ingkang becik atine lan rupane. Akhire Soloboyo saged angsal putri ingkang naminipun Purnamasari. Purnamasari purun dados bojone Soloboyo nanging wonten satunggal syarat ingkang kudu dilaksanakaken Soloboyo. Soloboyo kudu maringi Purnamasari Satunggal panggonan ingkang saged kangge mersani wulan Purnama ingkang jelas.

Sampun gangsal dinten Soloboyo pados panggonan ingkang dikersakaken purnamasari, nanging Soloboyo dereng pikanthuk. Soloboyo sayah terus lenggah teng watu gedhe ingkang wonten ing saktengahe alas. Mboten sengaja Soloboyo mersani langit, jebulanipun teng inggil wonten wulan ingkang ndadari. Sampun ngoten Soloboyo ngadep mburi, Soloboyo kaget jebulanipun teng mburine wonten Candi ingkang ukuranipun mandan ageng, Candi kuwi katone terang sanget amargi kenging cahyanipun wulan Purnama.
 
Ndalu ngenjangipun, Soloboyo ngajak Purnamasari menyang panggonan kuwi, candi ingkang ditemukaken Soloboyo kuwi diarani Candi Wulan Purnama. Akhire Soloboyo lan Purnamasari saged nikah.

Setaun sesampunipun nikah, Soloboyo mbangun satunggal keraton kangge tempat tinggalipun dheweke kalih Purnamasari. Dangu – dangu dhesa ingkang dipanggoni Soloboyo lan Purnamasari dados rame, kathah tiyang ingkang tinggal ing dhesa niku. Tiyang – tiyang ingkang tinggal teng dhesa niku nyebut desanipun Desa Candiwulan amargi teng desa niku wonten candi ingkang naminipun Candi Wulan Purnama. Candi Wulan Purnama niku sebagai bukti dadose desa candiwulan.

Saben tanggal 15, masyarakat desa Candiwulan ngawontenaken pengaosan wulan purnama kangge dunga marang gusti Allah kangge nyuwun keslametan desa candiwulan, lan masyarakat desa candiwulan ngawontenaken tradisi Damel Tumpeng Sega Kuning sin lauke namung endog godhog kangge ngelingaken dinten dadose desa candiwulan, Tumpeng Sega Kuning ngibarataken Candi Wulan Purnama lan Endhog godhog ibarataken Wulan Purnama.
( Narasumber : Ki Madiarso/60 th )



No Response to "ASAL USUL DESA CANDIWULAN"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices