SETU PAING

SETU PAING

Sultan Hadiwijaya raja Pajang ngersakaken kabeh bupati sing kebawah lan keprentah kerajaan Pajang  njujugaken purtine sing paling ayu lan during duwe bojo utawa esih prawan nggo dadi sisiane utawa dadi selire Sultan Hadiwijaya. Mbuh tujuane apa sing baku angger ana bupati sing ora ngaturi upeti abdi pelara–lara, nggo istilah prawan sing dikersakaken Sultan, bakal olih pidana utawa ukuman.

Banyumas jaman ganu esih klebu wewengkon Wirasaba uga kebawah lankeprentah neng kerajaan Pajang, kasarane tlatah Banyumas uga kelebu jajahane Pajang. Bupati Wirasaba dijaluk supaya ngaturaken putrine kanggo dadi abdi pelara-lara. Kebeneran Bupati Wirasaba sing wektu kuwe nduwe asma Raden Bagus Suwarga kagungan putra papat cacahe yakuwe loro lanang lan loro wadon. Ank wadon sing sulung didaupaken karo R. Jaka Kaiman sing mula bakani anane kabupaten Banyumas neng desa Kejawar, Banyumas. Putri sing sijine didaupaken karo putrane demang Toyareka.

Putri sing didaupaken karo putra demang Toyareka jebul ora tau akur utawa elik. Dadi banjur depegat, nanging miturut critane putrid mau esih tetep prawan mula banjur putri mau bali maring Wirasaba maning. Kebeneran sarehning Bupati Wirasaba kudu ngaturaken abdi pelara-lara mula putrine mau sing wis dadi randa banjur diaturaken maring Sultan Pajang. Kanggo selir sisihane Sultan Pajang Hadiwijaya.
Bupati Wirasaba dhewek sing asma Raden Bagus Suwarga njujugaken dhewek karo sowan. Tanda bekti maring penguwasane. Sawise ngaturaken putrine kanggo abdi pelara-lara Bupati Wirasaba, Raden Bagus Suwarga kondur liwat pesisir kidul.

Krungu manten mantune dicaosaken  Sultan Pajang kanggo dadi abdi pelara-lara, demang Toyareka kebranang atin. Ora let suwe setindake Raden Bagus Suwarga demang Toyareka uga tindak seba maring Sultan Pajang. Dheweke mangkat bareng putrane sing ganu tau dadi mantune Raden Bagus Suwarg. Tekan Pajang demang Toyareka banjur matur maring Sultan Pajang.
“ Nyuwun ngapunten, kepareng matur wonten  ngarsanipun sampeyan ndalem. “
“ Ya, ana apa, Demang? “
“ Sejatosipun Putri ingkang dipun aturaken dhumateng panjenengan dening Kanjeng Bupati Raden Bagus Suwarga menika sanes Kenya. “
“ Lha, temene apa? “
“ Sejatosipun menika sampun emah-emah sampun gadah garwa. “
“ Buktine apa? “
“ Buktinipun menika, kanjeng, menika putra kula ingkang dados garwanipun putri ingkang sampun dipun aturaken dhumateng sampeyan dalem. “

Ngerti nek lamona putrid mau dudu prawan utawa Kenya, Sultan Hadiwijaya rumangsa delomboni, banjur jengkel, jaja bang mawinga-winga. Ora suwe banjur utusan karo Mantri Anom supaya mateni bupati utawa Adipati Wirasaba sing wis nyadrani Sultan Pajang.

Ora suwe gandhek utawa utusan sing diutus supaya mateni Adipati Wirasaba mangkat ngestoaken dawuh, Sultan Hadiwijaya banjur nemoni putrine Adipati Wirasaba, terus ndangu.
“ Cah ayu, apa benr kowe esih nduwe bojo? “
“ Pangapunten, Gusti, sejatosipun kula mboten gadah bojo “
“ lha kae nang njaba ana piyayi loro sing ngomongaken jere kowe wis nduwe bojo banjur dipeksa kon pegatan, ben bias diaturaken maring ingsun. ”
“ Leres, wekdal kula alit dipun daupaken kaliyan putranipun demang Toyareka, nanging kila mboten remen lajeng pegatan, menika sampun dangu sanget. “

Krungu wangsulane putrine Adipati Wirasaba Sultan Hadiwijaya ngungun banget, mula enggal-enggal ngutus gandhek, supaya ngurungaken titahe kon mateni Raden Bagus Suwarga.

Wektu kuwe Raden Bagus Suwarga lagi baen tekan Desa Bener, siki melu tlatah Ambal, Purworejo. Dina kuwe dina Setu Paing meh wayah duhur, Adipati Wirasaba lagi ngaso neng umah penduduk desa kuwe. Umah sing dienggo ngaso nduwe bale nanging malang, mula diarani bale malang. Titiane Adipati jaran Dhawuk abang lagi decancang neng pekarangan umah. Adipati Wirasaba dekuren daharan, lawuhe pindhang daging banyak. Nalika lagi ngrasakaken enake daharan,, ijig-ijig ketekan gandhek sing diutus mateni Adipati. Adipati sing ora ngerti arep dipateni banjur takon.

“ Wonten dhawuh menapa? ”
“ Dibacutaken baen anggone dhahar , mengko nek wis rampung nembe tek wehi ngerti . “

Adipati mbacutaken dhahare, nanging ora let suwe ana gandhek liyane sing diutus kon murungaken mateni wis meh tekan umah kuwe. Gandhek kuwe banjur ngawe-awe gandhek sing wis adhep-adhepan karo Adipati Wirasaba. Maksude ben gandhek sing arep mateni ora mbacutaken. Nanging salah penampa gandhek sing mau kon mateni age-age nublesake kerise maring Adipati Wirasaba. Adipati Wirasaba njrengkanang rubuh.

Barang gandhek loro-lorone wis padha perek, gandhek sing nembe teka ngomehi maring gandhek sing nembe baen nubles Adipati.

“ Mbok miki inyong wis awh tanda ben ora debacutaken, kenangapa malah age-age depateni? “
“ lha inyong ora ngerti, ujare inyong kon age-age, dadi ya tek pateni. “
Krungu gandhek loro pada paidon, Adipati sing agi kelaranen banjur ngendika.
“ Kabeh kiye wis kersane Allah. Kowe padha ora susah wedi salah. Kowe gandhek sing nembe tekan, matur baen nek lamona kowe tekan ngeneh ketemu kanca mu wis mateni inyong, dadi kowe mengko ora deluputaken. “

Gandhek loro-lorone mandeg  anggone paidon. Dheweke wis olih wangsulan nek mengkone didangu neng Gustine.

“ Inyong pesen mengko deomongna maring anak putuku kabeh, aja maning-maning lungan neng dina setu paing, aja numpak jaran dawuk abang, aja gawe umah bale malang, lan uga aja pada mangan daging banyak. “

Sewise pesen kaya kuwe Adipati Wirasaba banjur seda. Gandhek loro bali maring pajang. Wong desa pada geger. Jaran dawuk sing dadi titihane Adipati ucul banjur bali maring wirasaba. Keluarga kadipaten sing ngerti ndarane ora kondur, nanging mung titian thok banjur geger. Mula banjur ana sing duwe kekarepan mangkat maring pajang.

Urung nganti tekan pajang, rombongan kadipaten pethukan karo abdi dalem sing nderekaken Adipati Wirasaba. Abdi dalem nyritakaken kedadeane nganti gambling. Sawise ngerti perkarane keluarga wirasaba banjur nggawa jenazahe Adipati digawa maring wirasaba. Tekan desa Pekiringan jenazahe Adipati Wirasaba banjur  disarekaken.





No Response to "SETU PAING"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices