ASALMULANE JENENG SELAKAMBANG

ASALMULANE JENENG SELAKAMBANG

Sederenge jeneng Selakambang detemokaken, mbiyen Selakambang iku kalih wilayah kang dipisahaken dhening sawijining kali ingkang dijenengi Kali Lebak. Sebelah kulon Kali Lebak wonten manungsa kang asmane Sela Puja. Sela Puja dikenal manungsa kang sekti teng wilayahe, Sela Puja sedina-dinane dadi tani. Ing sebelah wetan Kali Lebak, wonten manungsa kang asmane Sela Manik. Sela Manik uga dikenal manungsa kang sekti teng wilayahe, Sela Manik uga sedina-dinane dadi tani.

Ing sawijining dinten, Sela Puja lan Sela Manik tukar ngrebutaken bates wilayah kekuasaane. Sela Puja ngusulaken supados rampung perkarane, Sela Puja lan Sela Manik kudhu adu kekuwatan utawa kesektian. Usulan iku uga ditampi dening Sela Manik. Sela Puja lan Sela Manik adu kesektian lan kekuwatan kang akhire dimenangaken dhening Sela Puja, wilayahe Sela Manik akhire dadi wilayahe Sela Puja yaiku wilayah ing sebelah wetan Kali Lebak.

Sela puja mikiraken jeneng kang pas kangge wilayah kekuasaane. Ing sawijining dinten Sela Puja lagi mlampah-mlampah, Sela Puja ningali watu kang ngambang ing dhuwur toya ing Kali Lebak, akhire Sela Puja nemukaken jeneng kang pas kangge wilayah kekuasaane saking perkara wau. Sela Puja njenengi wilayah kekuasaane SELAKAMBANG, kang tegese SELA iku watu lan KAMBANG iku kemambang, dados SELAKAMBANG iku tegese watu kemambang.






No Response to "ASALMULANE JENENG SELAKAMBANG"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices