BABADIPUN KALIMANAH
Ing masa pemerintahan Kerajaan Pasir Luhur kasebatipun satunggal Kadipaten ingkang manggen ing sebelah wetan mandan kidul Gunung Slamet. Dipirsani saking luasipun laladan, Kadipaten niki kalebet Kadipaten alit, namung gadah nami ageng lan wangi. Nami Kadipaten inggih menika Kadipaten Wilahan.
Rakyat ingkang gesang wonten Kadipaten Wilahan ing asta dening Adipati Wilah, kiwastani rukun, tentrem lan dame. Niki kangge pepenget Adipati Wilah sanget wicaksana ingkang mimpin rakyatipun menika.
Nanging sapungkure katenangan ing Kadipatan Wilahan mboten tentrem samenika wonten polahipun Benggol Jungladipa ingkang saben ndalu sering glampaih rerusuh penjarahan kalian penodongan dhumateng warga kadipaten wilahan. Mboten sekedik ingkang dados korban jiwa amargi ulah Benggol Jungladipa.
Amargi polah Benggol Jungladipa menika sang Adipati kalian sawadya balanipun kados Pangeran Jangkung, Kyiai Muastasim lan Bekel Kertasaba kang usaha kanggen mbrantas Benggol Jungladipa.
“Kelakuan Benggol Jungladipa sampum kelewatan sanget. Amargi menik kita wajib nangkep Benggol Jungladipa kalian sawadya balanipun menika gesang utawi pejah.” Tuturipun sang Adipati.
“Sendika sang Adipati kanthi remen manahipun kita siap nglampaih tugas lan kita nyuwun donga restu, ingkang badhe kita nglampaih niki kanthi kasil ingkang sae.” Tuturipun Pangeran Jangkung ingkang disetujuni kamca-kancanipun.
Sawetawis selajengipun Pangeran Jangkung kalian rombongan nilarake Kadipaten miyos arah ngidul. Sedoyo nglampaih lepen ponggawa lan dumugi ing panggenan ingkang rindang ing sajeroning wit-witan klapa sawit. Teng mriki sedoyo sami kendhel kangge ngrembug kepripun carane nyekel Benggo Jungladipa sawadya balanipun.
“Pangeran, kangge diwastani wasis lan kejem, Benggol Jungladipa uga diarani sekti. Kanthi menika kita kudu luwih wasis ngatur siasat.” Tutur kyai Mustasim ngengetake Pangeran Jngkung.
“Lajeng jeoriun carane ?” Pitakonipun Pangeran Jangkung.
“Mekaten kanthi cara ingkang sae Benggol Jungladipa kita supadhos dherek kangge nyerah piyambakipun. Nanging piyambakipun mboten purun kapekso kita gunakaken kekerasan.” Saranipun Bekel Kertasaba.
“Saenipun sinten ingkang badhe pinanggih ?” Pangeran Jangkung.
“Kula saguh pangeran.” Wangsulipun Bekel Kertasaba.
Samenika Bekel Kertasaba dumugi datheng panggenanipun Benggol Jungladipa. Pinangggih Benggol Jungladipa kalian sawadya balanipn saweg judi. Tegesan rokok lan botol-botol kangge ngombe candu sumambrah teg pundhi papan.
“Sopo wonge ! Siro wonge ingkang wantun nyedak panggenan mriki !” Nggentak Benggol Jungladipa.
“Kula Bekel Kertasaba. Kula pikanthuk dawuh saking sang Adipari Wilah kangge ngajak Benggol Jungladipa kalian sawadya balanipun kangge ngadepi lan nyerahake awake.” NgendikaneBekel Kertasaba
Midanget ngendikaane Bekel Kertasaba, Benggol Jungladipa sawadya balanipun kanthi gemujeng nyekel. Sesampune nenggek candu, Benggol Jungladipa ngendika, “saenipun kulo saguh nyerahake awak kula piyambak. Nanging wonten syaratipun inggih menika sopo sa temene siro wong Kadipaten Wilahan ingkang sekti, kula tantang kangge adu kadigjayan. Ing sisi lor dusun kepering niki wonten tanah lapang ingkang wiar, kulo ngenthosi theng mriku.”
Dumugi wekdalipun kedadosan peperangan sengit antawis sawadya balanipun Benggol Jungladipa nglawan Pangeran Jangkung sawadya balanipun.
Dumugi sonten, Benggol Jungladipa sawadya balanipun kanthi kawalahan ngadepi serangan Pangeran Jangkung sawadya balanipun, lan Benggol Jungladipa ngraos kepeped, lajeng mlajar menyang wetan dumugi ing pinggiran lepen ponggawa ing sebelah wetan dusun Kertasaba. Nanging datheng panggenan rombongan Jungladipa sampun dipun kepung ing prajurit saking kadipaten Wilahan. Wekdal samenika badhe mlajar dheweke ing kathah pangegnan sanes, prajurit kadipaten Wilahan sampun ngepaung sekabehane.
Amargi teras dhesak saenggo Benggol Jungladipa sawadya balanipun tumindhak nyeplung marang lepen ponggawa khanti aba-aba saking Pangeran Jangkung, ewonan anak panah ingkang diuncalaken dening prajurit kadipaten Wilahan ngenani Benggol Jungladipa lan sawadya balanipun. Mekathen toya lepen dados abrit amargi kenging ludhirone Benggol Jungladipa lan sawadya balanipun tumetes ing lepen manika.
Senadyan mekathen, Benggol jungladipa teksih saged ngarungi dhumateng lapengan (gua) lan ngumpet theng mriko ngantos kalih dinten dereng katingal.
Thembe ngantos tigang dinten wonten keanehan toya ing lepen utawi kedung niku, ing semula kanthi warna abrit edab ngedabi ganthos warni pethak ke kuning-kuningan nyrupani warna nanah. Lan ing dinten-dinten selajengipun Benggol Jungladipa sampun mboten katingal malih tiyang nganggen Benggol Jungladipa sampun tilar dunya.
Adipati Wilah raos remen nampi kabar saking Pangeran Jangkung, amargi sumber kerusuhan ing kadipaten Wilahan sampun tamat riwayatipun.
“ Sadulur-sadulur ku kasebat gambaran kebungahan kula mekathen kula ajeng maringi bebungah kangge panjenengan ingkang sampun derek merangi Benggol Jungladipa sawadya balanipun,”tegasipun Adipati wilah.
Saderangipun diparingi bebungah nikI sang Adipati kang utami maringi tetenger. Menawi pangeran kangge adu kekiyatan Benggol Jungladipa kalian Pangeran Jangkung ing sebelah lor dusun Kepering diparingi nami Manduraga. Lajeng panggenan Benggol Jungladipa diudani panah ingkang ewon cacahe ingkang diwastani Kalimanah.” Selajengipun panggenan ingkang kula badhe bagiaken bebungah niki kula diarani Danaraja ingkang berarti peparingan utawi bebungah saking raja,” dawuh Adipati Wilah.
Saniki panggenan-panggenan kasebut dados pemukiman penduduk lan amargi perubahan suara selajengipun wilahan niki diubah dados Wilangan yaiku nami sawijining dusun ing dusun Kedungwuluh. Selajengipun Kertasaba diubah dados Ketasaba yaiku nami sawijining dusun ing dusun Karangsari.
No Response to "BABADIPUN KALIMANAH"