ASAL MULA DESA LEMAH METENG


ASAL MULA DESA LEMAH METENG

Ing sawijining pendukuan ing wilayah Dusun Sumingkir kecamatan Kutasari kabupaten Purbalingga wonten sawijining panggenan ingkang sanget aneh lan unik. Tepatipun wonten ing Dusun Sumingkir ing sebelah wetan wonten satunggal gundukan lemah ingkang menawi di idek mula lemah kasebut badhe balik semula. Nanging saderenge kethon bolong-bolong mesti badhe balik semula dados gundukan lemah. Bentuk saking gundukan wau kados sega ambeng (sega golong) naliko tiyang kathah nyebataken bentuk lemah punika kados weteng tiyang ingkang saweg meteng, amargi kados tiyang meteng menika lan niku namung lema, mula penduduk dusun namiaken dukuh DUKU LEMAH METENG.

Gundukan lemah kasebat ing tiyang kathah teksih dikeramataken, amargi teng ngandapipun uga wonten gundukan tipis ingkang nyerupai kuburan. Tiyang kathah ngira menawi teng mriku ganu tau wonten tiyang ingkang disareaken kaliyan sedaya hartanipun. Anehipun ing panggenan menika sering medal sinar ing wekdal dalu, sahingga katah ingkang nyimpulaken ing mriku panggenan keramat. Amargi meniko mula sering katon kathah tiyang ziarah ing panggenan kasebat. Sanes tiyang sakitar dusun sumingkir mawon ingkang dateng kangge ziarah utawi jaluk sesuatu ing punden menika, nanging uga kathah para pedagang saking tebih, nyuwun supados daganganipun cepet laku, wonten malih ingkang nyuwun supados angsal jodoh lan sanesipun. Amargi kathah ingkang terkabul sehingga ing lokasi punden lemah meteng tambah dinten kathah tiyang ingkang ziarah, nepi utawi tirakat.

Konon cariosipun tau wonten tiyang warga cedak kalian punden lemah meteng ingkang kesurupan. Kisahipun dipun wiwiti nalika tiyang ingkang kesurupan wau tembe mawon purna menjalankan sholat salajengnipun tiyang wau mboten sadar diri. Ingkang sajroning sawekdal mboten sadar tiyang wau mendel mawon kalih lungguh.Tiyang wau rasa kados dibekta maring griya kedung sing sae, Kalih sedaya peralatan ingkang mewah sanget lan wonten satunggaling kotak emas ing mriku.

Anehnipun sesampunnipun tiyang menika wungu ing gulune sampung wonten slendang ingkang dipung kalungaken. Sinten ingkang maringi slendang menika tiyang-tiyang mboten ngertos. Miturut critanipun slendang menika aslinipu sanca ingkang asalipun kotak emas punika. Nanging sesampunnipun wonten gulu tiyang punika, ketingale kados satunggalipun slendang. Nanging sesampun kalih dinten tiyang wau ngagem slendang ajaib.Sawekdal ngagem slendang menika,kathah tiyang rerawuh ingkang nyuwun pitulung,ngantos kawencar wartanipun dumugi daerah sanes. Ngantos tiyang menika kewalahan ngandepi para tamunipun. Anehipun,sedaya tiyang ingkang nyuwun pitulung kathah ingkang berhasil. Nanging selarese tiyang wau kaget lan bingung kalian menopo ingkang dipun angsalaken. Padahal saderenge namung tiyang biasa lan mboten nate angsal ilmu menapa-menapa, napa malih ilmu kebatinan. Sedoyo meniko datang setunggal wektu lan namung lantaran selendang ingkang nggubed ing gulune, mula saged menuhi sedaya penyuwunan para rerawuh

Amargi penduduk desa sampun khatah ingkang mengertos menawi kedigdayaan menika asale saking punden lemah meteng, akhiripun tiyang ingkang kathah menika dibekta wonten gundukan utawi punden lemah meteng. Sampunipun dumugi wonten gundukan menika kedadosan keanehan amargi selendang ingkang diagem langsung ical. Akhiripun tiyang menika sanjang menawi gundukan lemahipun salerese sawekdal-wekdal gadhe mbabar lan kenyataane leres, amargi wonten ing malem jumat kliwon, gundukan menika mbelah kados mbabar. Ceritanipun ingkang lair sanes bayi menungsa, nanging satunggal sanca ingkang kawujud selendang, ngantos saniki teksih dipun kuwasai wonten sing gadhah selendang menika.

Sinten sing gadhah? Nyatane inggih menika tiyang ingkang nate kesurupan lan keleresan tiyangipun teksih wayah saking Mbah Kartamutadi, lan naminipun tambah kawentar. Inggih menika ingkang anami budi prasetyo. Dumugi saniki dukuh lemah meteng teksih sering wonten tiyang nenepi utawi tirakat wonten secakete punden. Amargi kangge njaga sedaya hal, mula ing sekitar punden saniki sampun dipageri, namung sayangipun daerah punden menika sampun mboten terawatt kados mbien, amargi kekarepe menungsa ingkang selalu berubah wonten sajroning gesangipun.


No Response to "ASAL MULA DESA LEMAH METENG"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices