ASAL-USUL DESA TLAGAYASA

ASAL-USUL DESA TLAGAYASA

                      Ing  jaman kuna ing wilayah lerenge Gunung  Slamet, tepate ing  jurang  Si Gerung , wonten satunggal  petapa misuwur ingkang saweg semedi pitudhuh saking Gusti ingkang Maha Agung kanggge nentokakepanggenan ingkang badhe dipanggoni. Napa asma desa menika mangkenipun? Sinten sejatosipun petapa menika?
                   Mboten sanes Ki Sabda Ita kaliyan para santrinipun. Ing sawijining dinten, rawuh satunggal piyantun kakung rupanipun sae pawakane pendekan sowan dhateng Ki Sabda Ita. piyambakipun sowan sebab mireng anggenipun sabda ita ingkang kagungan asma ki swi siaga ngelmu kawruh kang wino ingkang diparingaken sagen dingerteni kanthi gampil. Ki Sabda menika rajin lang sabar sanget anggenipun paring kawruh, pranyata wonten murid ingkang nakal lan kesah tanpa pamit nalika diparingi pelajaran lan murid. Mila Ki Sawi dados murid ingkang paling dipun tresnani.
                    Ki Sabda Ita sering paring pitaken dateng Ki Sawi, “ Kenging napa salebetipun wonten mriki sampean mboten nate siram? “ wangsulane Ki Sawi, saben ngenjang lan sore kula siram Ki sabda Ita. Wonten pundi sampean siram, sebab aku ngerti enjang lan sore sampenan rawuh saking perapin ing kebun wingking ngriya. Nggih wonten mrika kula siram. Ki Sabda gebur ing njero brama.  Mila wilayah kasebut dipun arani dukuh SiKebur. Pranyata Ki Sawi uga saged madani kasektian nipun Ki Sabda Ita. Piaymbakipun semedi taunan ing candi depok. Piyambak ipun namung ndhar satunggal lombok saben dinten setaun. Taun salajengipun namung ndahar satunggal boled saben dinten.
                  Ing sawijining ndhalu piyambakipun kaparingan wangsit saking Gusti Ingkang Maha Agung sinten ingkang yasa kangge dipun aturaken dhateng masyarakat daerah menika. Supados masyarakat saged gesang tentrem mboten kirang satunggal menapa. Ki Sabda Ita lan Ki Sawi uga para kanca ngawontenake musyawarah kangge paring bukti wontenipun wangsit saking Gusti Ingkang Maha Agung.
                  Ki Sabda Ita diparingi pituduh kangge sowan dhateng Ki Nalaita ing pulang geni. Pranyata     wangsit kasebut mboten sanes Ki Sabda Ita, Ki Sawi, KI Nalaita, kaliyan para kanca supados mbendung sumber toya ingkang wonten ing sisih wetan pasareanipun si lerek Ki Sabda Ita, Ki Sawi, lan Ki Nalaita sigap nglaksanakake sekabehanipun wangsit saking Gusti Ingkang Maha Agung.
                Sedaya piranti dipun siapake lan material kangge mampataken tuk toya ingkang badhe didamel telaga. Parasantri mundut watu ingkang bukit si gerung. Pranyata damelipun tenaga mboten dados-dados. Menewi katah santri-santri ingkang kena penyakit, lan katah santri ilang tanpa jejak. Kepripun nelangsane Ki Sabda Ita lan Ki Sawi kenging napa santrine ngurang. Ilangipun maring pundi  lan kenging napa ?, lan mboten wonten jasade. Sawisipun Ki Sawi smedi pranyata santri ingkang ilang dipangan macan dadi-dadian ingkang umpetan ing candi andong sinawi. Ing mriku panggonan macan dadi-dadian.
                 Ing ngantos saiki panggonan kasebut teksih dikeramataken menawi saben satunggal taun sepisan mesti wonten macan ageng metu ing candi kasebut lan mangani ternak ingonane masyarakat sekitare candi. Sue-sue gaweanipun dipun rampungaken. Menawi sampun dados tekad, ingkang Ki Sabda Ita lan Ki Sawi sekanca. Para santri ngangkuti watu nglewati pedagang tape lan mandek tumbas tape. Menawi kesel lan kencot santri-santri dahar tape. Ngantos saiki panggonan kasebut dipun asmani petapean lan nyebrangi lepen longkrang. Diarani longkrang sebab lepenipun jero sanget kaya kolong. Mbeke gutul ming telaga ingkang saweg didamel. Menawi suenipun damel telaga kasbut ingkang dados kelap kelip saben ndalu. Sanajan mboten dijaga esuke pasangan watu ingkang sampun dipasang. Sawisipun dijaga wonten satunggalipun tiyang njaga ndalu ingkang asmanipun sikelip pranyoto pagaweanipun saged dados.
Ingkang campuran wontenipun wangsit supados damel jasa utawi kalih damel tenaga, dados lair tembung Tlagayasa. Lan ngantos saiki papan kasebut dipun knal Tlagayasa, ingkang dados asma desa utawi desa Tlagayasa. 





No Response to "ASAL-USUL DESA TLAGAYASA"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices