Misteri Wedana Gogok

Misteri Wedana Gogok

Jaman biyen masyarakat ora asring maneh kari krungu gogok, amargi kabeh umah nduwe gogok kanggo nyimpen toya bersih, atis, mateng lan siap kangge ngapus dahaga aus. Uripe pendodol gogok unggal dina sanget sederhana nanging nggawa kemakmuran kangge keluarga.

Ing kulon bobotsari wonten gerumbul ing nami karangsari.wonten wong lagi tapa ing bukit karo tekun lan khusuk, senadyan ing sekitare wonten keramaian. Jaman iku wong pada seneng tapa, ora dahar, ngombe lan turu. Dilakoni ora sedina rongdina, nanging dilakoni unggal dina, wulanan, tahunan

Dicariyosaken kabulaken panyuwunan petapa wau. Ing sawijining wengi petapa iku ngimpi ningali wulan purnama sing terang. Lajeng wulan iku dipun dahar kanti telas. Banjur petapa iku tangi saking ngimpine, lan esuke siap kangge bali meng masyarakat.

Lajeng crita, ing pertigaan dalan ing pinggir kali wonten wong telu sing lagi lenggah nyante. Wong telu wau iku lagi omong-omongan kangge ngilangaken rasa kesel. Pendodol angon, pendodol dawet lan pendodol gogok.wong-wong iku lagi crita pengalaman dagange.banjur pertapa kasebut lansung mundhut bagian kanggo crita. Pendodol dawet kepengin ngerti pengalamane pertapa.

Banjur petapa crita mimpi kang dialami petapa. Penjual gogok wau tuku dawete pendodol dawet kanggo pertapa karo angon. Lajeng petapa ngombe dawet sing seger sanget kanthi cepet telas. Pendodol gogok nawani petapa dikon nambah. Ing ati pendodol gogok dipun mikir, kari petapa kewaregen supaya dikon muntah. Amarga petapa ngombe dawet terus, banjur petapa iku muntah dawet kaliyan wulan ingkang dipun dahar iku metu.

Pendodol gogok kasebut mikir maneh kari dahar wulan maka dipun olih kedudukan ingkang disadoni, banjur pendodol gogok kasebut dahar muntahane si petapa kasebut kanthi telas.
Nyingkat crita pendodol gogok wau dadi wong ingkang disadoni lan dipun angkat dadi “wedana”, banjur terkenal kanngo sebutan “wedana gogok”.




No Response to "Misteri Wedana Gogok"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices