MULA BUKANE CANDI WATU LUMPANG

MULA BUKANE CANDI WATU LUMPANG


    Ing jaman biyen wonten candi teng dusun Buara. Candi niku ajeng diboyong ing tiyang lumpang. Candi niku angsal diboyong nanging pemilik candi niku mboten tanggung jawab menawi wonten masalah utawi perkara. Ngenjangipun tiyang Lumpang ngumumaken dhateng masyarakatipun menawi mbutuhaken bantuan kangge mboyong candi niku. Sadurunge masyarakat mboyongaken candi, saben-saben tiyang diparingi kekuatan ingkang wujudipun 1 sela cemeng.

    Banjur masyarakat punika rame-rame ajeng mboyongaken candi. Sesampunipun dipindaken teng desa Lumpang, ing wayah mbengi wonten jaweh ingkang ageng sanget, sesuke tiyang lumpang punika nueni candi, nanging candinipun sampun mboten wonten. Tiyang punika kaget sanget, selajengipun tiyang Lumpang punika nueni ing desa Buara. Jebule candi punika sampun wangsul menyang asalipun. Lajeng masyarakat desa Lumpang saling adu lisan kaliyan masyarakat Buara. Nanging akhiripun masyarakat desa Lumpang punika ngalah lan nyadar menawi candi punika mboten kersa diboyong ing desa Lumpang, amargi candi punika sampun pernah diboyong teng desa Lumpang dados candi punika dinamini “CANDI WATU LUMPANG”.

    Ing manurut kepercayaan masyarakat Buara teksih kathah sanget sejarahipun. Ing Candi Watu Lumpang, wonten 3 werni nggih menika :
  • Lumpang, wonten 1 werni
  • Alu, wonten 3 werni
  • Lesung, wonten 3 werni
    Menurut tiyang rumiyin, candi watu lumpang didamel saking bangsa wali lan awit saniki teksih wonten ingkang jaga saking bangsa halus, ingkang asmanipun :
  • Nyai Gadung Sari
  • Nyai Gadung Melati
  • Mbah Nata Jiwa
    Candi watu lumpang ngantos saniki teksih sering dikunjungi saking kathah kalangan dusun sanesipun. Terosipun ngantos saniki teksih wonten swara kothekan saben mbengi jum’at kliwon, nanging ingkang mireng ingkang tiyang sanes dusun.

    Manurut kepercayaan tiyang sepuh, mbenawi mbangun griya, mboten angsal mbangun ing sebelah wetan candi. Amargi ngaling-ngalingi candi lan sebelah wetan punika termasuk pintu gerbang candi. Candi niku wonten ing dusun Buara Rt 01/01 gampingan, karaganyar, purbalingga.


No Response to "MULA BUKANE CANDI WATU LUMPANG"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices