Legenda arca ula lan asal mula Desa Totogan

Legenda arca ula lan asal mula Desa Totogan
  
    Ing salah setunggaling desa,ing zaman samono enten ula sanca ula sanca menika ageng sanget . bekasipun dalan ula menika saged kange dalan tiyang ageng. Ceritanipun dalan ing dusun menika asal mulanipun saking dalan ula sanca menika.

    Menurutipun tiyang – tiyang ula menika jelmahan nipun tiyang ingkang kagungan kasekten ingkang duwur.  Asmanipun Baru klinting.

    Ing salah sijining wengi , Baru klinting ingkang saweg tapa nampi wangsit ken madosi bayi lanang lan di pangan ingkang kangge ningkat aken kasekten Baru klinting menika.

    Salah setungaling wengi baru klinting medal saking prtapaanipun kalihan wujud ula. Baru klinting muter – muter desa kngge madosi bayi menika. Akhiripun baru klinting nemu bayinipun ing salah setungaling griya. Baru klinting langsung nundut bayi menika lan langsung di bekto kesah.

    Tapinipun enten salah setungaling tiyang ingkang ngertos lan ningali kedadosan niku. Yaiku ki Gedang karang. Ki Gedang karan glangsung nguber Baru Klinting. Kangge nylamet aken bayi menika. Akhiripun Baru klinting lan ki Gedang karang adu kasekten. Sanking ramenipun tiyang – tiyang sami tangi lan teka ningali adu kasektean antaranipun ki Gedang karang lan Baru klinting.

     Baru klinting lan ki Gedang karang adu kasekten sawengi – wengi. Akhiripun ki Gedang karang saged ngalah aken Baru klinting. Ketiko Baru klinting  saweg lengah, ki gedang karang nunjlep aken kerisipun ing awakipun Baru Klinting.

     Baru klinting langsung ngeletak lan seketiko tiyang – tiyang wau langsung “notog – notog” awake Baru klinting  ingkang dados wujud ula ngnatos mati.
Sasampunipun mati Baru klinting  ingkang kawujud ula menika awake dados watu utawi arca sedaya. Ngantos sanika ceritanipun tiyang – tiyang dusun menika arca ula menika  tesih enten ing dusun menika.
    Desa utawi tempat ingkang matine utawi tempat tiyang – tiyang “notog – notog ”   ki lawi , di arani dusun totogan ,saking kata notog notog menika.


No Response to "Legenda arca ula lan asal mula Desa Totogan"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices