ASAL MULA DUSUN KALIJEBUG


ASAL MULA DUSUN KALIJEBUG
Ing jaman biyen wonten umah alit ing pinggir kali. Umah menika dipunpanggoni dening tiyang sepuh inggih menika Ki Surya lan garwanipun Nyi Siliwangi. Amargi umahipun pinggir kali Ki Surya sedinten – dinten mancing ing kali menika lan Nyi Siliwangi njaga umahipun kaliyan ngrumat seisinipun umah menika.
Ki Surya remen kaliyan kali menika amargi kalipun kathah iwakipun. Sedinten – dinten Ki Surya gadhah iwak kangge di goreng teng Nyi Siliwangi. Nanging ing dinten Jum’at Kliwon Ki Surya mboten gadhah iwak satunggal punapa ing papan anggenipun biasane Ki Surya mancing. Lajeng Ki Surya mboten teras wangsul nanging pindah nang papan liyanipun. Ki Surya mlampah – mlampah ing pinggir kali menika kanthi nemokaken papan kang pas kangge mancing. Nanging kanthi sore Ki Surya mboten gadhah iwak satunggal punapa. Lajeng Ki Surya mutusaken wangsul maring umah. Ing ndalan Ki Surya nemokake woh jambe nang pinggir kali wau. Lajeng woh jambe menika dibekta wangsul lan diparingaken maring Nyi Siliwangi.
Dinten setunipun Ki Surya balik maning maring papan ingkang wonten wit jambenipun, nanging ing dalan Ki Surya mireng swara ingkang aneh, swaranipun “bluk…bluk…bluk…”. Lajeng Ki Surya nggoleti asalipun swara menika lan pungkasanipun Ki Surya nemokake asalipun swara kasebut. Nyatanipun swara menika niku swara woh jambe ingkang dhawah maring kali ingkang biasa dienggo mancing. Mula wonten budaya nginang saking bahan temonane Ki Surya inggih menika woh jambe.
Saenggo dhaerah niki kanthi saiki dijenengi Kalijebug yaiku salah sawijining dusun ing desa Mewek. Ingkang saka tembung kali lan jebug yaiku woh jambe ingkang swarane “bluk…bluk…bluk…” amargi dhawah maring kali menika.


No Response to "ASAL MULA DUSUN KALIJEBUG"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices