Asal – usul nami dusun Danakerta


Asal – usul nami dusun Danakerta

Ing jaman rumiyin agama islam saged kasebar ing dusun –dusun amargi kerja kerasipun para sunan /wali, para sunan punika salah satunggalipun enten ing dusun Dankerta anggenipun nyebar agama islam kulina sunan punika dipun sebat Mbah sunan, miturut tiyang sepuh Mbah sunan punika mboten dangu anggenipun nyebar agami islam nanging agami islam saged kasebar luas lan panilaranipun kathah sanget.
Hubunganipun Mbah sunan kalian nami dusun Danakerta kados niki.”

Ing satunggaling dinten mbah sunan punika saweg istirahat ing ngandap wit-witan bambu ing pinggir sawah ingkang sampun kering, ing panggenan mriku Mbah sunan ngantos kesarean, nalika wungu Mbah sunan kaget amargi mrikasani arta lan teteden katah sanget ing sangejengipun, enten kedadosan punika Mbah sunan teras madosi tiyang ingkang sampun maringaken arta lan teteden wau, nanging mboten enten tiyang ingkang sami ngaku ngantos wekdal Luhur mbah sunan dereng kepanggih kalian tiyangipun pramila Mbah sunan sembayang/sholat krihin ing ngandap wit-witan bambu wau nanging wekdal punika saweg ketiga mboten enten toya ing mriku, nalika Mbah sunan saweg madosi toya kangge wudhu parawarga ing dusun mriku sami guyub mbekto toya kangge wudhu Mbah sunan punika, teras sembayang bebarengan ing panggenan mriku.

     Sesampunipun sembayang Mbah sunan ngrenung “ ing dusun mriki warganipun sami guyub lan tresna dateng kula, seleresipun tiyang ing dusun mriki sami sengsara lan asring ketampi musibah ”, nalika saweg ngrenung mboten dipunnyana-nyana sampun mlebet wekdal ‘Asar para warga sami mawon kalian wau saking nginggil sami mbekto toya kangge wudhu Mbah sunan ing ngandap nanging, Mbah sunan ngendika “ Hai para warga mboten susah mbekto toya dateng mriki amargi ing panggenan mriki badhe enten toya katah sanget ,” kalian ngendika kados niku Mbah sunan punika nyabet-nyabet sorbanipun ing wit-wit bambu lan siti punika pramila medal toya katah sanget saking siti punika lan ngendika malih “ awit saniki dusun mriki mboten bakal kekirangan toya lan toya niki mboten bakal asat uga masyarakat dusun mriki badhe gesang sejahtera tebih kalian sukerta amargi warga mriki sami tresna uga sregep anggenipun ngibadah”.

      Sesampunipun enten kedadosan punika , masyarakat ing mriku sejahtera, mboten kekirangan toya malih lan tebih kalian kalissandikala lan sukerta. Toya ingkang medal wau saniki dipun kondang SUMUR WALI lan dipun pitadosi sumur punika mboten enten dasaripun utawi jero sanget, lan dusun wau saniki dipun namini dusun Danakerta amargi , arta saha teteden(Dana) ingkang sampun saged mbucal sukerta lan musibah (kerta), pramila dipun gandeng dados “Danakerta”.


6 Response to "Asal – usul nami dusun Danakerta"

Brack Computer mengatakan...

sing nganggo bahasa Indonesia ana apa ora?

Unknown mengatakan...

Lah kelanjutane mbah wali pimen???

Unknown mengatakan...

Lah kelanjutane mbah wali pimen???

Unknown mengatakan...

Lah nami waline Wali sinten sa'jane ?


Niki Pure ilmiah,melalui beberapa narasumner ingkang Kompetent,nopo namung copas ( punten) ownten wikipedia? Amargi kulo tiang Danakerta ( Danakerta) nek Sumur Wali Ownten Danakerta ( Cibungur) suwun.....

Unknown mengatakan...

Ya ana lah nang wikipedia,Googling seh jajal....

Unknown mengatakan...

Jebule wia ana sing nunggu nganti Rong taun ya? I'like this...

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices