Asal mula dhusun Sokawera Desa Brobot

Asal mula dhusun Sokawera Desa Brobot

             Desa sokawera nggadahi leluhur ingkang asmanipun eyang Ditarota . Ing jaman mbiyen ing jaman Solo kuno eyang Ditarota lahir , nanging jaman mbiyen anggenipun wonten bayi jaler badhe dipun pejahi. Akhire tiyang sepuhipun eyang Ditarota ngelekaken eyang Ditarota wonten ing sugara, kang diwadahi peti.

           Peti punika dipun temukaken dening tiyang Jogja pas saweg njala . akhire eyang Ditarota dipun anggep anak kaliyan tiyang ingkang nemukaken eyang Ditarota. Eyang Ditarota sampun cekap umur lan pengin pindah wonten sejen dhaerah (ngembara) nanging tiyang sepuhipun ngajukaken syarat anggene Eyang Ditarota dhamel Mesjid. Amargi eyeng Ditarota saged menuhi syarat punika inggih menika dhamel masjid ingkang asmi “MASJID DEMAK”.

    Eyang Ditarota banjur pindah wonten seje dhaerah, eyang Ditarota nggadahi asmi Raden Paku lan Raden Patah , amargi sampun pindah gantos eyang Ditarota. Eyang Ditarota nemukaken alas ingkang dipunniati badhe dipun dhamel dhusun. Nembekemawon eyang Ditarota mbubak alas, wonten lelembut ingkang mboten seneng kaliyan tumindake eyang Ditarota.

    Akhire eyang Ditarota padu kaliyan lelembut menika wonten kubangan banyu. Eyang ditarota saged ngalahakenlelembut punika lan lelembut punika tiwas, panggenanipun dipun asmani “Belik J###t”, banjur ngasmani alas menika kaliyan dhusun Sokawera , saking tenbung Soka ingkang tegese Suka lan tembung wera ingkang tegese Banar.

    Nanging eyang Ditarota mboten nggadahi umur ingkang dawa lan petilasanipun diasmani petilasan eyang Ditarota. Sanjangipun petilasane dipun jaga kaliyan ingon-ingonanipun eyang Ditarota ingkang awujud kebo. Kebo menika mboten seneng kaliyan tumindak ingkang mboten becik wonten petilasane eyang Ditarota. Anggene wonten ingkang badhe nglakokaken tumindak mboten becik, tiyang menika dipun pindahaken wonten seje tempat. Menika wau taksih dipercaya kaliyan tiyang Sokawera.


No Response to "Asal mula dhusun Sokawera Desa Brobot"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices