PERANG BITING


PERANG BITING


Wonten Yogyakarta , taun 1825 berlangsung paprangan Diponegoro . Paprangan punika kerarean ing berbagai wilayah Jawa Tengah . Punika sejatosipun wonten dugi ingkang dhateng Jawa Tengah bagian barat , tepatipun teng Kabupaten Purbalingga . 
 
Prajurit Pangeran Diponegoro dugi wonten daerah Kabupaten Purbalingga diketuai dening Kolopaking putranipun Adipati Banjarnegara lan R.Sudiono putranipun Adipati Ambal . Kolopaking lan R.Sudiono ngadhepi Belanda wonten ing dUSUN cILAOAR , sELANEGARA , lan Kaligondang . Paprangan punika dipun asmani “Perang Biting” .

Perang Biting sanget kondhang wonten Kabupaten Purbalingga sanesipun katah tiang pejah , perang biting dugi berlangsung cekap seru amagi antaw3isipun prajurit Kolopaking lan prajurit Belanda mboten wonten ingkang sami ngalah . 
 
Pusat perang biting kerarosan wonten Dukuh Biting wilayah Kaligondang . Antawisipun kekalihan pasukan punika eiapit dening kali yaiku Kali Lebak . Prajirit Pangeran Diponegoro letakipun wonten timur kali ingkang mbiyantu kalih rakyat satempat lan pasukan Belanda letakipun wonten barat kali kalih bantuan Bupati Purbalingga lan Bupati Banyumas . 
 
Gencaripun serangan prajurit Pangeran Diponegoro lami-lami nyebabaken pasikan Bbelanda kewalahan . Pramila PASUKAN belanda mundur dumugi dhateng Dusun Kembaran . Pasukan Belanda kuciwa amargi pasukanipun cerai berai , Brlanda ugi keilangan pambiantu ingkang setia . Bupati Banyumas Qadipati Lunjar pejah wonten tanjakan Sabik , Dusun Kaligondang .

Mirengaken rencangipun pejah , Bupati Purbalingga kagungan karep mbales dendam dhening Kolopaking kanthi ngrawuhaken bangsa Cina ingkang asmanipun Gan Tiong Sun ingkang ahli dolanan pedang ganda , sumpit , lan pio jarum . 
 
Gan Tiong Sun kantyhi bungah nampami printah Bupati kangge nglawan pasukan Diponegoro lan ngajak pasukan Belanda ingkang sampun anjrih ijig-ijig semangat malih .
Ingkang timur kali Lebak , pasukan Kolopaking ndamel strategi lan nampani pitulungan saking prajurit Banten ingkang sejatosipun santri-santrinipun Kyai Topo . Mboten ngertos saking pundhi pasukan Belanda rawuh dugi kanthi diketuai dhening Gan Tiong Sun utawa Gentong Kalakacung . Papranganpun kedadosan .

Kolopaking lan R.Sudiono mikir kangge ngalahaken Gentong Kalakacung ingkang mbebryani punika . Ikhtiar punika sukses , Getong bKalakacung mlebet dhateng wilayahipun prajurit Diponegoro . Kolopaking lan R.Sudiono nglancaraken serangan . Tombak lan pedang ugi anak panah disasaraken dhateng awakipun Gentong Kalakacung kanthin pejah . 
 
Pasukan Belanda murka sanget lan nglakoni serangan balasan . Kolopaking lan prajuritipun mboten gegabah . Kanthi pritungan ingkang cermat , diputusaken kangge mundur lan nggabung kalih pasukan indukipun ingkang saweg nglakoni paprangan kanthi musuh ingkang sami .

Dukuh Biting lan wilayahipun Kaligondang sepi malih . Peninggalan-peninggalanipun antawisipun wonten pemakaman venom Dusun Kaligondang wonten makam Adipati Lunjar . Ugi wonten makam priyayi papan panggonanipun para priyayi , makam prajurit Banten . Makam punika wonten inh Dusun Selanegara . Wonten malih makam Gan Tiong Sun , punika wonten ing Kaligondang.


No Response to "PERANG BITING"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices