Asal Mula Dusun Dukuh Sigending Ing Desa Karang Klesem

  Asal Mula Dusun Dukuh Sigending Ing Desa Karang Klesem

Ing satunggal desa ingkang asmanipun desa karang klesem, kepala desa ingkang pertamanipun asmane Ki Lurah Kethok. Asmanipun Ki Lurah Kethok dipun pendhet amargi anggenipun wonten tiyang ingkang gadah kalapetan, mboten segen-segen Ki Lurah Kethok njatuhaken ukuman Kethok. Ki Kethok gadah jaran lan gamelan jawa ingkang sanget diremeni Ki Kethok, Ki Kethok ndamel kandang jaranipun ing ngilen lepen alit.

Miturut warga, sinten kemawon ingkang ningali gamelan meniko, mesti bakal ngerasakaken kekuwatan aneh saking gamelan meniko. Menawi malem selasa kliwon utawi malem jum’at kliwon, gamelan menikon mungel piyambak. Ing satunggal dinten wonten tiyang ingkang mundhut gamelanipun, ananging tiyang meniko kesurupan, akhire tiyang meniko dibekto dening panggenanipun Ki Kethok lan ditambani, uga gamelanipun Ki Kethok dipun wangsulaken.

Umuripun Ki Kethok tambah taun tambah sepuh, akhire ing satunggal dinten Ki Kethok seda. Sedanipun Ki Kethok ndamel katah keanehan, salah satunggalipun inggih meniko matine jaran ingkang sanget dipun remeni dening Ki Kethok lan uga icalipun gamelan meniko ing dinten ingkang sami. Ki Kethok dipun sarekake ing tanahipun Ki Kethok piyambak. Sak niki gamelanipun saged mungel ing malem selasa kliwon utawi malem jum’at kliwon. Tempat icalipun gamelan meniko dipun asmani Dukuh Sigending.



No Response to "Asal Mula Dusun Dukuh Sigending Ing Desa Karang Klesem"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices