ASAL MULANE DESA KALIJARAN


ASAL MULANE DESA KALIJARAN

           Ki Ngabei Singadipa punika putranipun Ki Ngabei Singawijaya saking Kertanegara. Ki Ngabei punika sawijining pemimpin bala tentara Pangeran Diponegara. Beliau dipunangkat dados Ngabei wonten ing daerah Ajibarang,Purwokerto Kulon. Wonten ing zaman paprangan Pangeran Diponegoro kalian Belanda, Ki Ngabei anggone mimpin perag kanthi ora tau ninggalaken medan perang .
Amargi kegigihan Pangeran Diponegoro kalian pengikut - pengikute, gawe mungsuh kewalahan. Cara punapa kemawon dilakokaken Belanda kangge ngalahaken Pangeran Diponegoro. Amargi Pangeran Diponegoro kalian pengikut – pengikute angel banget kangge dipunkalahaken, kanthi migunakaken tipu muslihat. Pangeran Diponegoro dipunajak rembugan,nanging sabenere bab punika kangge nyekel saterase dibuang wonten ing luar Jawa.
Sesampunipun Pangeran Diponegoro kacekel,para prajurit – prajurite pada lunga nggolet keslametan. Ki Ngabei ugi lunga kanthi nunggang jaran,tumuju arah kulon. Bab punika kewenangan dening pasukan Belanda,banjur dauber. Ki Ngabei mboten saged ditutaken dening pasukan Belanda amargi jaran punika mlayune banter.
Ki Ngabei terus diuber – uber dening pasukan Belanda ngantos dumugi wonten ing kali. Manut penduduk sekitar,kali punika jenengipun Kali Tambra. Kali Tambra punika perbatasan antawisipun Kecamatan Karanganyar kalian Kecamatan Karangmoncol lan Kecamatan Purbalingga.

Wekdal punika Kali Tambra saweg banjir,nyebabaken Ki Ngabei mboten saged nyebrang. Nanging Ki Ngabei dados kudu nyebrang supadhos mboten kacekel pasukan Belanda. Kanthi semangat ingkang gedhe lan pasrah datheng Gusti ingkang Maha Agung,mula Ki Ngabei diparingi pitulungan saking Gusti ingkang Maha Agung. Jaran ingkang dipuntunggangi Ki Ngabei tansah mlumpat nanging kaya dene mabur saking sebrang wetan marang ngulon adohe kira – kira 3000 meter utawi 3 kilometer.

Amargi sampun takdir Illahi,jaran wau sesampuipun dumugi wonten ing daerah punika banjur mati. Ki Ngabei langsung ngubur jaran wau lan daerah kuwi banjur dipunjenengi “Kalijaran” kangge ngeling – eling jasa jaranipun Ki Ngabei ingkang sampun paring pitulung saking pasukan Belanda.

Singkat cariyos,Ki Ngabei banjur netep wonten ing daerah punika lan nikah kalian putri saking desa punika. Akhiripun Ki Ngabei dipunangkat dening warga sekitar dados Kepala Desa “Kalijaran”.


No Response to "ASAL MULANE DESA KALIJARAN"

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
powered by Blogger | For Blogservices